WONG EDAN BAGU

WONG EDAN BAGU
SALAM RAHAYU kanti TEGUH SLAMET BERKAH SELALU DARI WONG EDAN BAGU UNTUK SEMUA PARA PENGUNJUNG BLOGGER PESONA JAGAT ALIET . . . _/\_

Senin, 09 Juni 2014

Setan lan Jim Ora Kudu "Disumpahi"

WIS kawedhar ana ing Kitab Alquran panutane para ngulama lan santri, yen sejatine setan, jim, belis, lan sapanunggalane padha wae kaya-dene jalma manungsa, uga kalebu makhluke Gusti Allah. Malahan bangsa lelembut kang kasebat iki kalebu makhluke Gusti Allah kang patuh, taat maring printahe Gusti.

Ing babagan syariat, manungsa (khususe kang ngrasuk agami Islam) nduweni kewajiban sholat lan ngibadah fardlu liyane. Nanging ing pranyata, (ora kudu dadak mungkir) yen manungsa isih padha dhemen goroh lan ngapusi, malah kadhang-kadhang ora idhep isin -kamongko goroh lan ngapusi kuwi kanggone manungsa ora kalebu printahe Gusti, lan duweni rasa isin ateges ngamalake sunahe Kanjeng Nabi. Kosok wangsule, setan dhemen ngapusi, ndableg, asring mbujuki manungsa, sebab pancen wis pinesthen yen wiwit lair tumekane jaman akhir panggaweane setan ming kaya mangkene- nggodhani manungsa urip, jer nyendikani dhawuhe Gusti.

***
BIYEN dhek nalika taksih dadi santri cicik, nate kawulangake dening rama kiyai, saben kawiwitan ngaji Alquran kudu maca ngaudhu billahi minas syaithon nirrojim (ingsun nyuwun pangayoman dhateng Gusti Allah saking sedaya godhaning setan binendhu) - ing klimah iki ngemu teges, saben-saben arep tumandang samubarang gawe kudu tansah eling dhateng Gusti Allah supaya ora kagodha marang setan, jim, lan sapanunggalane. Jalaran wis pinesthen yen setan lan jim kuwi dadi panggodhaning manungsa urip. Awit jaman Kanjeng Nabi Adam dheweke pancen wis dibendhu Gusti Allah kaya mangkene- ngugerake yen awit dhek nalika para makhluk saindhenging jagad diprintahake nyembah (diwaca: hormat dhateng Kanjeng Nabi Adam, dheweke ora gelem dhewe, rumangsa luwih kondhang ketimbang drajating manungsa kok dienthengake, mulane kabacut isin banjur dheweke dhemen gawe rubeda ngriwuki anak putune Adam.

Kanggo wiwitan samubarang gawe, ana sawijining paham kang ngutamakake maca Bissmillah saturute wae, kaya piwulange Bung Karno mring samitrane, ora ngepenke kudu maca ta'awudz kaya diterangake nang dhuwur mau. Lire, ora mungkiri anggone bisa kekancan karo sabangsane lelembut supaya ora dadak congkrah, lan sajak nguatirake yen wacan ta'awudz bisa kaanggep "nyumpahi"; Kajaba kuwi, bangsa lelembut mau diarepake banjur satuhu yen tunggal kanca ora kena nggodha, tunggal guru ora kena ngganggu (bisa katambahan maneh kaya dene unen-unen tukang sulap aning obralan bakul jamu: tunggal kawruh ora kena gawe kisruh). Bab percaya lan orane, gumantung iman kita datan kasunyatan gaib.

Bab wacan ta'awudz -ngaudhu billahi minas syaithon nirrojim, perlune diwaca sabisa-bisane nganggo laras, ora kudu dimaknani nganggo penekanan intonasi kaya ing lomba puitisasi sari tilawah, ora kudu nganggo panyandra "kutukan" kang waton dianggep "nggilani". Sebab, samono uga makhluke Gusti Allah, mesthine yen setan lan jim rumangsa "disumpahi", mangka sejatine dheweke bakal tambah temen olehe nindakake dhawuhe Gusti, tambah temen-temen anggone nggodha manungsa, mratandhakake yen dheweke tansah rumangsa ta'at. Apa ora dadi tambah celelekan kaya "Kalagondang" nang sinetron "Misteri Gunung Merapi".

Pratelane, kanggo nglestareake kerukunan ing babagan urip bebrayan, ora ngemungke kudu ngayati sila "Peri-kemanusiaan", ananging uga perlu ngayati "Peri-kemakhlukan" - mrih harmonis tumeraping sakabehane isen-isen ngalam-donya - saantarane manungsa, wit-witan, sapi, wedhus, babi, setan, jim, belis, dhemit, lan sapanunggalane, padha bisa nyatuhoni yen kabeh mau saderma makhluk.

***
KAYA dene jalma manungsa ngupadi rejeki, setan lan jim anggone nindakake kewajiban nduweni segmen layanan dhewe-dhewe. Setan sing rada bodho tugase nggodha manungsa sing ora pati pinter. Wong pinter, gandhokane jim putih ireng sing luwih dene pinter, mulane wong (kang ngepasi 'kasinungan') kuwi banjur bisa dadi keblinger.

Minujoni tirakatan, mumpung sasine Sura, wulan Karomah, manawa oleh kanugrahan bisa manggih bangsa lelembut, Ian lelembut mau duwe panjaluk asih-asihan iwak kebo saupamane amarga saguh dadi lantaran kanggo ngegolake urusan proyek (mangka durung mesti kadadean sabenere), mula yen arep nyoba didurusi, durusana nganggo samaran jantung gedhang sing disungoni lombok cengek - disatuhoake sebage endhas kebo, nadyan mung diapusi nganggo dolanan dheweke wis seneng, amarga dheweke ya senenge ngapusi, Ian nyatane setan pancen temenan ora doyan mangan iwak kebo. Sekirane pengurbanan kebo

pancen dadi nadzar, supaya kang duweni khajat ora dadi musyrik, luwih becik kebo kang dimaksud mau diperloake kanggo shodaqoh tumuju fakir miskin. Ewa dene bab urusan proyek utawa usaha-usaha liyane bisa sukses, kabeh kuwi saka kersane Gusti Allah.

Kajaba duwe kesenengan nggodha manungsa, bangsa lelembut uga seneng ndhisiki-kersa. Ora marga pinter nalare, nanging pancen dheweke oleh kanugrahan bisa Ian diparengake ngintip saka langit rahasia kagungane Gusti Allah, banjur rahasia iki dibisik-bisikake marang atine manungsa kang dhemen migateake ulahe dheweke. Lire, keahlian iki dadi srana murih gampang anggone dheweke nindakake printahe Gusti: gawe bingunge anak putu Adam - malah bisa-bisa dheweke banjur mbablas nyumpahi manungsa: edan kabeh ya wis ben.

Sumrambahe bangsa lelembut anggone nggodha manungsa ora luput tumuju marang sapa wae. Uga bisa tumuju ing antarane ngulama misuwur kayata Kiageng Gus Dur samisale. Katitik, yen para kiageng jarene bisa nyasmitani isyaroh ghoib. Malah-malah merga banget rakete anggone tanggap sasmita babagan "dunia lain", mulane ana sawetara panganggep yen para kiageng linuwih mau biasane banjur duweni tabi'at aneh. (Yen plantarane santri cilik mono kena diarani nyleneh, nyelelek!)

Ing antarane jim lan manungsa, sapa sabenere sing luwih nyelelek? Lan sapa sejatine kang luwih mituhu dhateng printahe Gusti Allah? - Naudhu billahi min dhalik. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan


Tidak ada komentar: