WONG EDAN BAGU

WONG EDAN BAGU
SALAM RAHAYU kanti TEGUH SLAMET BERKAH SELALU DARI WONG EDAN BAGU UNTUK SEMUA PARA PENGUNJUNG BLOGGER PESONA JAGAT ALIET . . . _/\_

Senin, 09 Juni 2014

Nalika Sang Nata Murud ing Kasidan Jati:

Raja, mesthi wae beda karo kawula. Apa-apane ora padha, pangrengkuhe wong-wong marang dheweke, uga cetha yen seje. Ora mung nalika isih meger-meger, ora mung nalika nandhang lara, nanging uga nalika nyawa wis pisah kalawan raga. Patine raja, kanthi dalan apa wae, mesthi dadi cathetan gedhe.

Sanajan mung cakraati petunga, cetha anggone mbedakake antarane kawula kalawan wong agung. Sapa maneh siang diarani wong agung yen dudu sang nata, embuh sing isih ngregem panguwasa, embuh sing katone wis lereh keprabobon nanging temene kuwasane isih ngungkul-ungkule, perbawane angel ditandhingi.

Cakrawati taun jimawal kang wiwitane meh mbarengi awal 2008 iki, upamane. Ngalamat saya wewah-wewah arjaning nagari, kathah tiyang agung sami suka-suka, nanging wekasanipun prihatos, kathah tiyang agung seda. Tiyang dagang layar tulus, tiyang tani sami kemedalan, wekasanipun mirah sandhang tedha, amargi tiyang nyambut damel sarwi gampil, ngono pratelane cakrawati, kayadene kang sineut ing penanggalan Panjebar Semangat.

Mungguh bener lan orane, titis lan orane pratelan mau, mesthi kabeh padha bisa nyumurupi dhewe apa kang kelakon ing awal taun iki.

Pancen, dikapak-kapaknya yen wis kadhung kocap minangka wong agung, bakal tetep agung apa-apane. Nalika isih urip entuk sebutan gung, kapara ketambahan binathara. Nalika wis ora ana, ora sethithik kang bajur padha ngoyak sawabe. Ana-ana pawadane. Ana sing mung dhapur ngurmati sing wis ora ana, ana sing jarene mung kepengin mikul dhuwur mendhem jero. Sing cetha, pralayane sang nata wis kuwawa ngluluhake ati kang atos, mbukak rasa sing sekawit tinutup dadi tinarbuka. Kaya-kaya pati dadi pambukane warana kanggo ngranggeh kawiryan liya ing donya.

Pancen, beda karo manungsa lumrah, raja, atu lan sentana dalem bakal entuk pangrengkuh mirunggan nalika murud ing kasidan jati. Nalika isih urip wae raja utawa putrane dianggep minangka reinkarnasi dewa sing patrone India banget: Airlangga lan Ken Arok diidentifikasi minangka Wisnu, Kertanegara minangka panjelmane Siwa lan Aksobya babar pisan, dene Kertarajasa minanka perwujudane Harihara. Pati dianggep minangka proses pemuliaaan utawa pendewaan. Mula, bareng nemoni pati, ratu-ratu mau kapara entuk papan kang murwat. Saya uncara, saya wibawa.


Paradoks;
Akeh sing ngira, yen wong sing paling kuwasa pralaya mesthi bakal ilang kuwasane. Nanging nyatane ora mesthi ngono. Kapara pecating nyawa dadi jalaran kanggo ngranggeh kekuwasaan liya. Sirnane nyawa dadi sarana kanggo mbabar manawa kuwasa iku isih ana, kapara terus thukul lan ngrembaka.

Luwih ska sewindu kang kepungkur, nalika ratu Ngayogyakarta sing pancen kondhang kanthi idiomnm takhta untuk rakyat kapundhut Sing Kuwasa, kabeh (kawula Ngayogyakarta) padha rumangsa kelangan. Kabeh padha ngatonake anggone tawang-tawang tangis. Sadalan-dalan, puluhan ewon, kapara bisa atusan ewon yen ora malah nganti yutan, padha nguntabake lumakone layon tumuju astana pasareyane.

Sakala, nalika semana, sing ana ing rasane wong-wong mung rasa pesimisme, apa ya ana kira-kira sing bakal kuwawa nggenteni sang nata. Apa ana kira-kira sing bakal saguh madhane kaluhurane sang nata.

Nanging sejarah uga banjur nyathet, sanajan porsi lan takerane genah beda, nanging ratu gang gumanti nata uga kasil ngrebut atine para kawula. Mula nalika nggelar pisowanan agung, kang isine mratelakake bakal lereh keprabon, kabeh padha nggondheli. Kabeh padha rumangsa ora lila.

Dadi yen ngono, temene ora kudu ngenteni mati luwih dhisik supaya disubya-subya dening para kawula. Senajan isih meger-meger, waton pancen anggone ngasta bang-bang aluming praja tansah nengenake marang kepentingane kawula, istingarah bakal tansah diagung-agungake.

Nalika Paku Buwana I murud ing kasidan jati (1719), salah sijine putrane, Mangkunegara nglungguhi dhampar keraton kanthi panyengkuyunge Kumpeni kang ws nduwe garnisu ing Kartasura. Dheweke jejuluk Amangkurat IV. Nanging sedulure loro, Pangeran Purbaya lan Pangeran Blitar, ngrekadaya ngrebut kawibawan.

Dheweke ngalih menyang Karta lan nguripake maneh keraton lawas, keraton kang wis suwe ditinggalake dening Sultan Agung. Sabanjure saya ruwet swasana negara sasedane sang Nata. Saya ora cetha.

Pancen, pancen, senajan mbesmi mayit ing patumangan wis ora ana, apa iya necropolis (makam) utawa Gunung Agung yasane Sultan Agung ing Imagiri (sakidule kutha Ngayogyakarta sing saiki) nduwe fungsi minangka kadidene candhi-gunung kolektif, papane arwah para raja lan sentanane tetep diurmati?


Sabar;
SABAR iku bebuden utawa sifat ora gampang nesu. Wong sing sabar iku ora cepet aweh tanggapan utawa reaksi marang kahanan utawa tembung-tembung kang kurang ngepenakake. Sadurunge aweh tanggapan, kabeh mau dipikir utawa dilimbang-limbang dhisik kanthi premati. Wong sing sabar tansah mbudidaya supaya kahanan utawa suasana ora tambah bubrah, amarga kanepson sing ditanggapi kanthi kanepson.

Wong sing sabar iku sareh, ora grusah-grusuh, lan kebak ing pangati-ati. Ana rembug dirembug, ana prekara disurasa. Sing ditengenake pikiran kang wening, dudu ubaling kanepson. Ing pewayangan sifat ora sabaran, gampang muntab, gampang ngamuk iku dumunung dhiri pribadine Raden Kakrasana utawa Prabu Baladewa.Yen ora ngati-ati bisa ditamani senjata Nenggala. Kosokbaline, sifat sabar, ngati-ati, lan wicaksana dumunung ing pribadine Raden Narayana utawa Prabu Kresna. Senajan kakang-adhi, satriya loro kuwi sifate beda banget. Lha sing luwih sbar maneh yaiku pambarepe Pandhawa, Prabu Puntadewa. Ratu sing miturut critane dhalang getihe putih iku, ora bisa ngendika "ora", utawa tidak dapat berkata "tidak" marang sapa bae.

Sabar iku klebu ewone bebuden kang becik. Ing basa Indonesia ana tetembungan "orang sabar kasihan Allah", wong sabar iku kinasihan ing Gusti Allah. Sabar iku ora "konfrontatif", saengga bisa disingkiri arane dredah. Lha sifat sabar sing ala yaiku "sabar menawa ditagih utang", amarga tegese ndableg.

Tembung sabar iku sering dijamborake karo tembung narima, dadi sabar narima. Wong sing sabar iku tansah narima ing peparinge Gusti. Wong sabar iku tansah nggedhekake atur panuwune marang Gusti, mula ya banjur adoh saka rasa tansah kekurangan, rasa ora narimakake kahananing uripe.

Sabar iku bisa nyandhet lan ngendhaleni atine supaya ora enggal-enggal nesu, ora enggal-enggal nandukake piwales kang durung mesthi benere. Sabar iku ora brangasan, ora kesusu utawa grusah-grusuh. Kanthi nyandhet kanepson, ana kalodhangan kanggo nglimbang-nglimbang, kanggo ngudhari prakara kanthi ora seling surup utawa salah tampa.

Sabar iku ora mung bisa ngendhaleni kanepson, nanging uga rasa gela, susah, lan kaget. Kanthi anane kendhali mau, bab-bab mau ora nuwuhake reaksi sing kebablasen, sakabehing prakara lan kahanan bisa diwawas kanthi saukur (proporsional), saengga tanggapan utawa reaksi sing ditandukake uga proporsional.

Miturut tembang Asmaradana Semarangan, wong sing sabar narima lan betah melek iku bakal antuk ganjaran. Tembang mau sawutuhe kaya ing ngisor iki.

Aja turu sore kaki,
ana dewa nganglang jagad,
nyangking bokor kencanane,
isine donga tetulak,
sandhang kalawan pangan,
lha iku bageyanipun,
wong melek sabar narima.


Laku;
SAKABEHING panyuwun iku murih bisane kasembadan perlu dikantheni
laku. Laku iku mujudake pangurbanan kanggo nggayuh apa kang sinedya. Laku
utawa pangurbanan iku awujud tapa brata, meper hawa nepsu, cegah dhahar
lawan guling. Tumrap jaman saiki diwujudi kanthi sinau sing mempeng, kerja
keras, meleng cipta (konsentrasi), disiplin, ora buwang-buwang tenaga lan
wektu kanggo sing ora perlu.
Kabeh panyuwun utawa cita-cita iku, pancen ora bakal bisa kaleksanan
tanpa pangurbanan. Jer basuki mawa bea. Tarkadhang malah wis akeh pangurbanane,
nanging sing dijangka durung kaleksanan. Kamangka sing diarani laku iku
ora gampang olehe nindakake. Durung tutug olehe nglakoni ana sing wis medhot
ana dalan, amarga ora kuwat.

Para mudha iku isih adoh jangkahe. Mula Kanjeng Susuhunan Pakubuwana
IV paring dhawuh mangkene:
Dadiya laku nireki
cegah dhahar lawan guling
lan aja kasukan-sukan
anganggoa sawatawis
ala wateke wong suka
nyuda prayitnaning batin.

Para mudha kang isih akeh cita-cita lan panyuwune sabisa-bisa nindakna
laku prihatin supaya bisa kasembadan sing dadi gegayuhane. Aja mung ngumbar
kasenengan sing bisa nuntun marang kanisthan.

Laku iku uga kudu katindakake dening sak sapaa sing nggilut ngelmu.
Ana Serat Wedhatama disebutake menawa "ngelmu iku kalakoni
kanthi laku". Lire, supaya bisa necep ngelmu mau perlu nindakake laku.
Ngelmu mau kudu dicakake, dadi pandoming tumindak. Ngelmu iku ora mung
dimangerteni, nanging uga kudu dilakoni. Yen mung lagi ana omongan, yen
ora dilakoni utawa ditindakake, kuwi durung jeneng nduweni ngelmu, amarga
ngelmu iku kalakone kanthi laku.

Apa sakabehing panyuwun utawa gegayuhan iku kudu dikantheni laku? Laku
iku saora-orane nuduhake bangeting panyuwun, nuduhake gedhening tekad supaya
kaleksanan kang sinedya, kayadene tekade Bratasena nalika golek tirta prawita
sari. Ya mung kanthi gelenging tekad sarta gedhening pangurbanan gegayuhan
iku bisa kasembadan.

Urip iku ora gampang. Apa sing gumelar iki bisa nuwuhake pepenginan
lan gegayuhan werna-werna. Manungsa kudu bisa milih gegayuhan kang utama
lan nyingkiri pepenginan kang ora perlu. Ya gegayuhan kang utama iku kang
perlu diudi kanthi kebak pangurbanan. Gegayuhan utama iku ora mung murakabi
kanggo awake dhewe, nanging uga kanggo kemakmuraning masyarakat lan kamulyaning
bangsa.

KGPAA Mangkunagara IV ing Serat Wedhatama paring dhawuh supaya
nuladha laku utamane Panembahan Senapati ing Mataram.
Nuladha laku utama
tumrape wong Tanah Jawi
wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amemangun karyenak tyasing sasama
Laku utamane Panembahan Senapati yaiku tansah marsudi sudaning hawa
nepsu kanthi tapa brata ing wayah awan lan bengi. Tujuwane ora liya ya
mung tansah mbangun kahanan supaya dadi luwih becik sarta gawe kepenake
atine sapadha-padha.

Laku utama sing sifate memayuhayuning bawana, sing bisa ngunggahake
harkat uripe manungsa, ing wektu iki dibutuhake banget kanggo ngentasake
bangsa Indonesia saka kemelaratan lan "keterpurukan". Saiki akeh
narapraja, pemimpin sing adoh saka tindak utama, sing mung gawe enake diri
pribadi utawa golongane kanthi ancik-ancik kasangsaraning rakyat, ora gawe
enak tyasing sasama.


Ajining Dhiri;
TEMBUNG ajining dhiri iku meh padha tegese karo harga diri ing basa Indonesia. Saben uwong iku duwe rasa-pangrasa utawa kesadaran ngenani harga diri-ne. Ajining dhiri manut rasa-pangrasane dhewe iku sifate subjektif. Nanging ajining dhiri sadhengah uwong miturut pamawase masyarakat iku ya ora mesthi objektif. Bab ajining dhiri iki miturut pambijine dhewe karo pambijine wong liya asring ora padha. Miturut pambijine dhewe harga dirine iku dhuwur lan sarwa becik. Wong sok rumangsa becik, rumangsa pinter, rumangsa sugih, nanging ora adhedhasar kanyatan, mung manut rasa-rumangsa lan pepenginane dhewe. Ya sifat kaya mangkono iku sing diarani gumedhe, sombong utawa kumlungkung.

Ananging uga ana wong kang tansah rumangsa luwih asor, luwih bodho, luwih mlarat katimbang wong liya. Rehne kalungguhane miturut pangrasane luwih endhek, mula banjur ora pati wani srawung. Wong mau satemene kadunungan penyakit rendah diri. Sing disumurupi masyarakat ngenani sawijining warga masyarakat iku adate ora ganep utawa mung sabageyan bae. Pamawase masyarakat iku sing akeh-akeh ya mung saka njabane, dene isi jerohane ya ora ngerti.

Sing genah saben wong iku mesthi duwe gambaran ngenani ajining dhirine. Amarga anane kesadaran harga diri mau saben uwong ora gelem disepelekake utawa diremehake. Ing masyarakat feodal kesadaran harga dri golongan priyayi utawa golongan elit iku gedhe. Golongan iku ora mung njaluk diurmati, nanging uga njaluk "perlakuan istimewa". Korupsi iku uga ana gandheng-cenenge karo sifat masyarakat sing ngantine saiki isih nduweni sifat feodal mau.

Ana unen-unen sing nyebutake manawa "ajining dhiri iku saka lathi". Pancen apa sing diomongake nganggo lathi utawa cangkem iku bisa nggambarake kahanane sing ngucapake. Amarga ya mung srana basa kang diucapake kahanan lan pribadine wong mau bisa disumurupi. Alelantaran apa bae sing dikandhakake, ajining dhiri sadhengah uwong bisa kasumurupan. Mula aji lan ora ajining dhiri iku tinemtokake utawa gumantung marang sing diucapake lathine.

Ing Serat Wedhatama ajining dhiri iku dumunung ana telung prakara kang dadi paugeraning urip. Telung prakara mau yaiku wirya, tegese isih sentananing ratu; arta, yaiku dhuwit utawa bandha; winasis yaiku nduweni kapinteran. Lha uwong sing ora nduweni salah siji ing antaraning telung prekara mau, bebasan kalah ajine karo godhong jati garing. Tembang Sinom kaya ing ngisor iki:

Bonggan kang tan merlokena,
mungguh ugering ngaurip,
uripe lan tri pakara,
wirya arta tri winasis,
kalamun kongsi sepi,
saka wilangan tetelu,
telas tilasing janma
aji godhong jati aking
temah papa papariman ngulandara.
... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan


Tidak ada komentar: