IKI dudu wecaning surasane Ranggawarsita. Iki mung unine
ramalan Buku Kerangka Dasar Visi 2030, sing wis dibyawarakake ing Istana Negara
dening Presiden Susilo Bambang Yudhoyono (SBY) piyambak. Diumumake, 2030
mengko, Indonesia bakal dadi negara sugih lan makmur. Pendhak taun, saben sirah
pengasilane 18.000 dolar AS. Lan 200 perusahaan ing Indonesia bakal kagolongake
ing urutaning 500 perusahaan sing klebu paling gedhe lan sukses ing jagad
internasional.
Ndhak iya? Mengkono panarimane wong-wong, nalika mireng
kabar kabungahan mau. Lire, akeh wong kang mangu-mangu, kepara padha gumuyu
mergo nganggep kabar iku mung wewatonan sing lucu. Pancen, mbarengi wara-wara
mau, Presiden SBY paring sesorah, "Bangsa sing arep maju, kudu ndarbeni
impen sing gedhe." Bener, ngimpi ya ngimpi, ning apa dudu jeneng keladhuk
kurang duga yen aku wani ngimpi, menawa 2030 negaraku bakal nglungguhi urutan
nomer lima, ing mburine negara China, USA, lan India, sing saiki sugihe wis
nyata-nyata saya mbrewa, tan bisa tinandhingake karo negaraku, sing isih sarwa
cingkrang lan miskin. Apa impen mau wis adedhasar kanyatan, apa mung mrenthul
merga saka aku sing kegedhen rumangsan?
Wiwit mbiyen, para sesepuh Jawi iki tansah paring piweling,
muga-muga anak putune ingedohake saka cacading manungsa sing diarani gedhe
rumangsa. Aja dhemen gedhe rumangsa. Merga rumangsa sing kegedhen ora bakal
klebu ing apa wae. Rumangsa sing kegedhen iku dadi sarwa sesak. Dilebokake
nalaring liyan, sesak, mula banjur tinulak. Dilebokake atining liyan, ya sesak,
mula mbanjur digeguyu. Kosok baline, aja nganti rumangsane awake dhewe iki
banjur dadi keciliken. Mergo yen keciliken ya dadi sarwa logro. Lire, pijer
mbrojol meta-metu, ora klebu. Manungsa dadi cilik aten, clingas-clingus, kaya
bocah sing ilang wanine lan sirna anteping tekade.
Mula, ngelmu Jawi ngelingake, apa sing kebangetan kuwi
mesthi ora trep kanggo panguripan. Tegese, aja nganti aku ginodha dening rasa
arep mbanget-mbangetake. Dadi mbangetake anggonku gedhe iku kliru, nanging
mbangetake anggonku cilik iku uga ora bener. Kebangetan anggone gedhe malah
mung murugake sesak. Ning kebangetan anggonku cilik ya murugake aku logro.
Sesak, ora bisa mlebu. Logro, ya mung meta-metu.
Amrih bisaa ingedohake saka rasa arep mbanget-mbangetake, aku
kudu eling wewarah sing kerep kepireng iki: Ngono ya ngono, ning aja ngono!
Saka reroncening tembung, wewarah iku pancen mung prasaja. Nanging wewarah mau
sejatine ngemot surasa sing jero. Lire, wewarah mau ngandarake bab dunungne
kasampurnan. Kasampurnan mau dununge ora ana ing kiwa utawa tengen, gedhe utawa
cilik, sugih utawa miskin, mulia utawa nista, bener utawa luput, ning ana ing
tengah-tengahing kiwa lan tengen, gedhe lan cilik, sugih lan miskin, mulia lan
nista, sarta bener lan luput. Kebangetan anggonku rumangsa gedhe, sugih, mulia
lan bener, iku bakal njlomprongake aku ing rasa sumengah sesongaran. Tundhone,
aku ya mung bakal rubuh. Kosok baline, kebangetan anggonku rumangsa cilik,
miskin, nista lan luput, iku ya mung murugake aku dadi pinidhak-pidhak tanpa
aji, pribasane, luwih aji cacing tinimbang dhiri pribadiku.
Mula aku kudu tansah ngupadi dalan tengah. Tegese aku prelu
tansah ndunungake awakku, amrih aku ora kegawa mrana-mrena, kintir ing
kana-kene, nganti aku ora dhong babar pisan marang awakku dhewe. Sejatine,
dalan tengah, lan dunungake dhiri amrih aku dhewe sing dadi pancer lan
punjering uripku, yaiku mau sing dadi wosing wewarah para lelehur Jawi: Ngono
ya ngono, ning aja ngono. Wewarah mau prelu dak ugemi, supaya aku ora rumangsa
sugih-sugiha dhewe, bener-benera dhewe, lan kajen-kajena dhewe. Aja kebangetan
anggonmu mbanget-mbangetake dhirimu, yaiku sari patine wewarah Ngono ya ngono,
ning aja ngono!
Gegandhengan karo rembug ing dhuwur, saiki aku pancen duwe
impen sing banget dhuwure mungguhing Indonesia taun 2030. Ning tumrape wong
cilik, impen mau rasane mung ngaya wara, penggayuh sing kegedhen rumangsa.
Penggayuh mau ora bakal lumebu ing nalar lan atine wong cilik. Piye wong cilik
bis precaya, wong dheweke tansah nyekseni, saben dina negara iki meh ludhes
diorot-orot dening korupsine wong-wong gedhe lan sugih. Piye arep wani ngimpi
urip mbrewa lan makmur, wong saiki beras terus larang regane. Mula tumrape wong
cilik, sing bener dudu janjine Indonesia Visi 2030, ning kanyatan kang wineca
ing surasane Ranggawarsita iki: Jamane jaman edan, wong cilik ora tau keduman.
Lire, katilik saka surasane Ranggawarsita, Visi 2030 mung wecan sing nyenyamah
marang nasib lan ksangsarane wong cilik. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam
Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar