WONG EDAN BAGU

WONG EDAN BAGU
SALAM RAHAYU kanti TEGUH SLAMET BERKAH SELALU DARI WONG EDAN BAGU UNTUK SEMUA PARA PENGUNJUNG BLOGGER PESONA JAGAT ALIET . . . _/\_

Senin, 09 Juni 2014

Budi Pekerti, Pengangen-angen, lan Kasunyatan:

BUDI pekerti saiki mulai dadi wacana ing masyarakat, akeh kang padha beda pangerten anggone nanggepi masalah budi pekerti, tapi iku mau dadi becike amarga saiki perkara budi pekerti wis mulai dadi kebutuhan urip masyarakat kudu diajarake marang putra-putrane supaya besuke gedhene dadi uwong kang bisa ngajeni marang wong tuwane lan masyarakat sekitare.

Saiki angger ana bocah nakal, bocah sekolah padha gelut, tumindak kriminal, lan sapanunggalane, menawa ana kedadeyan sing kaya iki trus sing dituding jare sekolah sing anggone nggulawenthah ora becus dadine bocah iku padha nakal, padahal tanggung jawab babagan pendidikan iku tanggung jawabe wong tuwa, sekolah, lan masyarakat.

Budi pekerti iki babagan kang kudu dicerna nganti permati amarga kapan maneh, menawa ora saiki mulai dipikirake babagan kasebut, budi pekerti iku hubungan langsung karo babagan tumindak, solah bawa, pangucapan. Pendidikan budi pekerti mbutuhake keteladanan kanthi tumindak kang becik, tumprap sapa bae kang arep menehi pendidikan budi pekerti. Budi pekerti seliyane kanthi cara menehi keteladanan uga kebiasaane urip sedina-dinane kanthi urip nganggo perilaku sing apik kanthi cara latihan sing makaping-kaping.

Miturut buku Pedoman Penanaman Budi Pekerti Luhur (Balai Pustaka, 1997), ana 56 sikap budi pekerti luhur, yaiku antarane kerja keras, wani mikul resiko, disiplin, keimanan, atine lembut, akeh inisiatif, pikirane jembar lan maju, sederhana, semangat, duweni sikap konstruktif, duweni rasa syukur, tanggung jawab, tenggang rasa, bijaksana, cerdik, cermat, dinamis, efisien, gigih, hemat, jujur, duweni kemauan keras, kreatif, kukuh hati, lan sapanunggalane, iki kabeh sing dadi intine pendidikan budi pekerti. Budi pekerti ora bisa langsung tertanam ana ati trus dileksanakake tumprap panguripan sedina-sedinane, tapi bertahap dilakoni kanthi latihan, dibiasakake kanthi solah bawa, tutur pangucapan, lan polatan kang ngandhung nilai-nilai budi pekerti.

Pendidikan;
Salah sijine cara kanggo nanam budi pekerti yaiku melalui pendidikan neng sekolah, pendidikan budi pekerti iki bisa didadekake mata pelajaran dhewe utawa diintegrasikan mlebu menyang materi pelajaran, kari kepiye pelaksanaane, yen diintegrasikan gurune bisa gabungake nilai-nilai budi pekerti disisipake ana materi pelajaran, yen dadi pelajaran dhewe kudu ana gurune dhewe sing mulang masalah budi pekerti, loro-lorone padha apike. Sing penting, kanthi niyat sing becik kanggo nyiapake generasi sing arep teka sing meliki budi pekerti kang luhur.

Saiki penanaman budi pekerti ing sekolah bisa nganthi cara kegiatan permainan/dolanan, tembang, tari, diskusi sing isine penjabarane babagan budi pekerti trus saben dinane sekolah kudu gatekake marang perkembangan pelaksanaan pendidikan iku marang siswa-siswine dadine saben perubahan tingkah polahe bisa ditlusur nganti premati supayane kasil, perubahan iki ora bisa diukur nganti nilai sing awujud angka-angka, tapi nitikberatake marang conto-conto jelas lan becik. Guru sing dadi sentral kudu bisa dadi tauladhan kanggo siswa-siswine, pancen ya bisa digalih yen guru iku sosok sing kudu digugu lan ditiru, nganti paribasan iku sakjane berat banget bebane guru. Sentral guru kudu bisa digugu lan ditiru, awit aneng sekolah lan luar sekolah supayane bisa dadi conto, kanthi adhedhasar keyakinan, tumindak sing bener lan pener anggone mbimbing siswane, sebagai pendidik sing dadi personifikasi nilai-nilai kabecikan sing arep ditanemake, kanthi nyuplik ajarane Ki Hajar Dewantara yaiku ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani, sing didadekake dasar anggone menanamkan budi pekerti marang siswa-siswinye. Yaiku yen ning ngarep kudu dadi tuladha kanthi tindak-tanduk kang luhur, sopan santun tepa selira, lan menghargai wong liyan, tumindak iku sing didadekake conto, yen ing tengah kudu maringi pitutur atau petunjuk, supayane siswa-siswine bisa nindakake apa kang dadi piwulang babagan budi pekerti luhur iku, yen ing buri kudu dorong atau motivasi supayane pada gumregah anindakake tindak-tanduk berbudi luhur sesuai karo ajarane piwulang babagan budi pekerti mau. Ananging saja disalahaken angger nganti ana bocah/siswa/siswi sing jur nakal, sebab kenakalan utawa sethithike budi pekerti sing tertanam iku disebabake maring perkara sing werna-werna. Kadhang akeh kekeliruan sing muncul ing masyarakat yaiku kelemahan sing saklawase iki dirasakake akeh wong sing mung ngandhalake informasi/penjelasan thok babagan budi pekerti dadi sifate mung verbalisme tanpa diikuti karo tindakan sing nyata apa sing diinformasiaken iku, dadi angger wong Jawa jare "bisane mung jarkoni" artine bisa ngajar ora bisa nglakoni.

Kabecikan;
Nang babagan pendidikan budi pekerti perlu diterangake apa sing kudu dilakoni/ditindakake babagan kabecikan, kedisiplinan, kemasyarakatan, lan panunggalane trus apa manfaate kanggo awake dhewe lan masyarakat. Kabeh iki ora bisa langsung bisa dideleng asile tapi kudu dilatih/leksanakake secara bertahap, terus-menerus, kanthi adi kebiasaan sedina-dinane sing bisa dirasakake manfaate.

Sing lewih penting siswa/siswi wektune aben dinane sing akeh dientekake eneng ngomah, mula penanaman budi pekerti aja mung ditumplek blek dadi tanggung jawabe sekolah thok tapi keluarga kudu melu, justru neng omah iki bocah awale mengenal pendidikan saka wong tuwane, awit cilik bocah kudu mulai diajari/ditanamke nilai-nilai budi pekerti sing apik, trus wong tuwane kudu dadi tuladhane tumprap putra-putrine neng omah kanthi diajari unggah-ungguh, sopan santun, tepa selira, lan ngormati liyan kanthi cara sing sabar lan premati banget marang aben ana perubahan tingkah polah, tindak tanduk putra-putrine supayane dadi wong sing pinunjul sarta berbudi pekerti luhur.

Ing lingkungan masyarakat iki uga bisa bentuk pribadine bocah, mula masyarakat uga duweni kewajiban melu nanamke nilai budi pekerti tumprap pergaulan ing masyarakat kanthi conto-conto tumindake kang becik para tokoh masyarakat sing padha dadi paugeran masyarakat.

Kanyatane pendidikan budi pekerti supaya bisa tertanam neng anak didik kita, iku dudu barang sing gampang tapi perlu disikapi lan perlu dipremati kanthi serius, mulai saka ngomah yaiku pendidikan saka wong tuwane, ning sekolah saka guru-gurune, lan ing masyarakat yaiku para tokoh masyarakat, saengga sing dadi pengangen-angen yaiku masyarakat kang berbudi luhur bisa dadi kasunyatan ing masyarakat. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan


Tidak ada komentar: