WONG EDAN BAGU

WONG EDAN BAGU
SALAM RAHAYU kanti TEGUH SLAMET BERKAH SELALU DARI WONG EDAN BAGU UNTUK SEMUA PARA PENGUNJUNG BLOGGER PESONA JAGAT ALIET . . . _/\_

Minggu, 26 Juni 2011

WEJANGAN ADJI PANUNGGAL DAJTI :

WEJANGAN ADJI PANUNGGAL DAJTI :
YANG PERNAH DI PELAJARI OLEH
KI DJAKA TOLOS

PAMBUKA :
Serat aji panunggal punika.medharaken wontenepun pancandriya tuwin kawruh pasamaden utawi kawruh yoga. Dene ingkang badhe kawedaraken rumiyin. Wontening tembung nutupi babahan nawasanga. Menggah wontenipun tembung wau. Kangge ucap-ucapanipun{janturanipun} nata dwarawati utawi sang arjuna manawi kaleres samadi manages ing dewa. Lah inggih saking tembung punika wau ingkang dipun ugemi sarta lajeng dados pamanggih umum. Ananging menggah ing sajatosipun, kita boten saget yen ta anutupana salah satunggal kemawon saking babahan nawasanga wau. Liripun. Upami kita nutupi grana margining napas. Lah mangka lampahingnapas punika ingkang minangka dados tetangsul utawi dados wahananing gesang kita. Amila yenta grana kalantur dipun tutupi. Saestu badhe dumugi ing jaman sakaratil. Dados nutupi babahan nawasanga {tegese : bolonganipun anggota sanga}, punika tetela saking kalentuning panampi. Tanda yektinepun saweg nutupi bolongan satunggal kemawon.tentu boten saged tumindak.

Ingkang makaten wau. Ing ngriki kedah anerangaken menggah ing kaleresanipun. Inggih punika makaten. Tembung nawasanga punika. Panggambaranipun tembung : hawa + song + nga. Wetahepun kedan mungel nutupi babahan hawa, song = kosong, nga = kosonga=kosongna. Suraosepun : saday margining hawa napsu sami kakosongna. Ateges boten dipun maegeni.

Dene margining hawanapsu wau winastan indriya. Utawi nama pancadriya. Dunungipun. Ing paningal, pamiarsa. Rasa ilat tuwin rasa badan. Tembung pancadriya, leresepun mungel, pancen indriya

Menggah ingkang among karsa puinka. Sajatosipun wonten nem prakawis. {wewah 1 saking 5}. Inggih punika pamicara. Mila lajeng wonten tembung. Sad indriya, utawi indriya nem { ing candrasangkala watak nem/ tembung sadrasa. Sad rasa-sad guna-sad gana, tegesipun. rasa nem }

WEJANGAN :
Awit angingirangi dhahar lan sare. Cegah syahwat. Ameper hawa napsu. Sarta siyam ing sawatawis dinten. Punapadene boten kenging ngemu sakserik duka cipta.

Manawi siyamepun. Kantun sadalu, sampun ngantos sare, sarto kedah ambisu. Ing wanci tengah ndalu lajeng siram, sarampunge siram lajeng busana angangge sarwi suci. Sarta kokonyoh gagandan langkung wangi-wangi. Punapa dene lajeng dudupa majeng Mangetan. Mangilen. Mangidul. Mangaler. Di barengi amaos rapal2 ingisor iki

IKI RAPALE AJI PANUNGGAL KANG KAPATRAPAKE ING SAJERONING LAKU.

1. sedulurku tuwa kang ana ing bang wetan.kang aran mutma’inah.reksanen ragaku.kempiten nyawaku.inditen sukmaku.iki ana gawe gede.aja nganti belah pisah.yen ana sediya ala balekna.sediya becik bacutna.ya ingsun sedulurira sejati.

2. sedulurku tuwa kang ana ing bang kidul kang aran aluamah.reksanen ragaku kempiten nyawaku inditen sukmaku.iki ana gawe gede aja nganti belah pisah.yen ana sediya ala balekna.sediya becik bacutna.ya ingsun sedulurira sejati.

3. sedulurku tuwa kang ana ing bang kulon kang aran amarah.reksanen ragaku kempiten nyawaku inditen sukmaku.iki ana gawe gede.aja nganti belah pisah.yen ana sediya ala balekna sediya becik bacutna.ya ingsun sedulurira sejati.

4. sedulurku tuwa kang ana ing bang lor.kang aran nafsu supiyah.reksanen ragaku kempiten nyawaku inditen sukmaku.iki ana gawe gede.aja nganti belah pisah.yan ana sediya ala balekna sediya becik bacutna.ya ingsun sedulurira sejati.

No 1. kawaka spisan madep mangetan. No 2. kawaca sepisan madep mangulon. No 3. kawaca sepisan madep mangidul. No 4. kawaca sepisan madep mangaler.   Sasampunipun lajeng angajengaken keblatepun piyambak. Inggih punika ing jaja.
Kalawan maca rapal ingisor iki mung kabathin bae.

5.kun dzat kun.aja ngaling-ngalingi dzating sukma wewayanganing rasa.rasa sukma kang ana sajeroning wewayangan.heh roh rohani.mara sira metua apada rasa.rasanira dikaya rasaningsun.suaranira dikaya suaraningsun.wujudira dikaya wujudingsun.pama gigila wuluku sak lamba.sun tempuhake ing sira.ya ingsun sedulurira sejati.

Sareng sampun bangun enjing, wiwit tafakur {samadi} angwijah raga. Nutupi babahan hawa sanga. Tegesepun, wonten rurupen sampun dipun tingali, wonten suwanten sampun kapirengake. Wonten gagandan sampun ka’ambet. Wonten wiraosan sampun kasuaran. Punapadene yen karaos punapa2 sampun karaosaken. Salajengepun. Amepeta turas lan suker. Dene patrapipun. Lenggah pitekun. Jempol suku kapasangaken jempol asta. Ilat ketekuk minggah.lathi mingkem. Lajeng mandeng pucuking grana kalihan kejep {merem}. Tumunten anjumenengaken panjenenganing dat

Makaten :
Ingsun tajalining dat kang maha suci. Kang amisesa. Kang kuwasa angandika. Kun payakun. Dadi saciptaningsun. Ana sasedyaningsun teka sakarsaningsun. Metu saka kodratingsun.

Manawi sampun makaten, nuten epek2 asta kiwa kakempit ing cangklangan tengen. Epek2 asta tengan kakempit ing cangklangan kiwa. Lajeng angeremaken netra. Prelu amadhangaken netranipun sajati. Ingkang dumunung ing sa’antawisipun alis kiwa tengen inggih punika papasu {caksu}, sarta tansyah mawas {mandeng}, pucuking ardi tursina,inggih punika. Grana, kalihan ngereh lebet wedaling napas {ambegan},ingkang sareh/alon. Kalian manebut kabatos kemawon.

HU…..napas mlebet. ALLAH……napas medal.

Dados nek sinambung mungelelipun, HU-ALLAH. Dene panarik inggih tumuruning napas wau. Kedah kakandasna, dumugi telenging betalmakmur lan betalmukadas. Inggih punika teleng pagedhonganing wiji gesang ingkang dumunung ing salebeting pastapusara {pajaleran}, terangipun. Kedah ulah manjangaken lampahing napas, margi napas punika pratandaning gesang. Ateges bilih ambegan napasipun minggah, punika katarika manginggil dumugi ing susuhunan {sirah/endas}, yen napas medhak ugi kaedhakna dumugi ing puser {wudel}, punapa dene lampahing napas kedah ingkang alon

Lampahing napas minggah mandap wau manawi sampun saged sareh, tegese mboten menggeh2. saged ngleremaken raos pangraosipun. Tegese manah {karep} mboten makarti. Tengriku pratanda sampun tinarimah ingarsaning gusti.


PAWELINGKU :
Sing sapa bisa nguasani patrape aji panunggal inginggil punika. Sayekti bakal tinarimah sakabehing panyuwun dening gusti. Ananging sadusunge kudu lan wajib anglampahi wejangan wirid maklumat jati. Minangka kanggo dedasar amrih ora keliru patrapepun. Lan  tetep kudu tata titi surti ngati-ati. Aja suka adigung adiguna. Ingisor iki rapal2 aji panunggal kang bisa di gelaraken dating sapada-pada umat


1. Rapal supaya betah tarakbrata.
Niyat ingsun nutup rasa. Sang sir rasa payungana ingsun. Rasa mangan cahya. Cahya mangan rasa. Langgeng ing ciptaku. Tetep mantep tan kena owah. Donga di waca kaping 3 tahan napas yen arep lelakon

2. dongan betah ora mangan lan ngombe uga ora turu.
Allahuma anta robbi lailaaha illaa anta alaika ya allahu ya roobul alamin. Donga di waca kaping 40 yen lagi lelakon

3. donga supaya kuat pasa mutih.
Sirullahi gagantine allah amangan cahya. Den pangan, laa illaaha illallah muhamad rosul allah. Donga di waca kaping 40 yen lagi lelakon

4. dongan yen arep adus utawa raup supaya berkah slamet.
Nur cahyaning allah. Nur gumulung cahyaning muhamad. Mung rupa cahyaning rasullullah. Waras kuat slamet. Donga di waca kaping 3 yen arep adus utawa raup saparan-paran


NUWUUUUUUUUUUUUUUUNNNNNNNNNNNNNNN……..MUGO BERMANFAAT ……



WEJANGAN ADJI PAWELING YANG PERNAH DI PELAJARI OLEH :
KI DJAKA TOLOS


WEJANGAN ADJI PAWELING :
Manawi kita gagas. Lampahing ngagesang punika kenging winastan karoban dening panyeliding wisaya. Boten rumiyin boten sapunika. Boten rampung-rampung tansyah sami cocongkrahan. Labet sami rebat leres dhateng gagadhulan tuwin tekadipun piyambak-piyambak. Mongko wisaya punika wonten ingkang gampil kasumuruban lan wonten ingkang botem gampil anggenipun nyumerebi. Wisaning sawer boten sanes naming dumunung wonten ing untu. Lan panyemburipun, wisaning kalabang ian kalajengking wonten ing entupipun. Ananging ing samangke, lah dumunung wonten ing pundi, menggah wisaning sadaya serat-serat piwulang ingkang sampun sumebar dados wawaosaning ngakatha ?. punika boten sanes kajawi dumunung wonten ing pengertosan kita pribadi.

Manawi kita saged mangertos nampeni suraosing piwulang. Punika kados dene kita manggih usada ingkang sampun sumereb aben-abenan lan tumanjanipun. Manawi makaten sampun tamtu kita saged manggih kawilujengan lan kamulyan. Kosokwangsulipun pangertosan kita ingkang saking serep panampinipun. Punika kados dene kita manggih usada ingkang aben-abenan tuwin tumanjanipun dereng kita sumerebi. ingkang makaten punika saged ugi andadosaken ing wisaya. Langkung2 yen pangertosan ingkang seling serep panampinipun wau. Lajeng, katularaken ing ngasanes. Sarana lesan utawi sarana serat2, sampun tamtu badhe langkung ageng ing wisayanipun.

Kawontenan ingkang makaten wau, sanyatanipun boten nama aneh yen kita kajlungupa ing jurang panasaran. Sabab miturut panggelaring sadaya serat2 piwulang. Punika prasasat mboten wonten tembung ingkangukaranipun kadamel prasaja.
Sarehing makaten kawontenanipun. Dados manawi kita badhe nyuraosi piwulang ingkang kasebut ing aji paweling punika.
Kita kedah ngengeti parwa lan slokanipun. Yen boten makaten tentu badhe klintu panyuraosipun. Jalaran tembung satunggal kemawon umpami kresna. Punika anggadhai teges pinten2 kemawon. Kadosta cemeng.toya. piker. Rasa. Gesang lan sasaminipun miturut parwa lan slokanipun.


Pramila. Sing sapa bae yen arep anglakoni. Adji panunggal. Adji paweling. Adji padmawara. Kudu miwiti saka piwulang wirid maklumat djati dishek, minangka kanggo dedasar supaya ora kajlungup utawi salah patrapipun. Ingisor iki rapale aji paweling kang kapatrapaken ing sajeroning laku.

1.ratu kesdik.sidik panetep panata gama.niyat ingsun ngrawuhi sahadat panetep panata gama.roh ilapi kang dadi telenging ati.kang dadi pancering urip.kang dadi lajering allah.kang madep maring allah.ya ingsun sejatining manungsa sempurna.slamet ndunya slamet akhir.yen alum siramana yen doyong jejegna.jeg-jejeg saka kersaning allah.laa illaaha illallah muhamad rasul allah. {kanggo netepake tekad}

2.kun dzat kun kang ana sajeroning netra ingsun.kun dzat kun kang ana sajeroning guwa garba ingsun.rasa sukma kang ana sajeroning netra utawa kang ana ing sajeroning guwa garba.sira metua ingsun arep weruh sejatining urip.ingsun njaluk slamet.ya ingsun sejatining kun. {kanggo meruhi roh}

3.piling unang dzat numan.ancik-ancik luhuring awang-awang.alungguh wulan purnama.slamingati angurungi lintang sak kembaran.ing sukma.amrentahi roh kang dumadi.ing sajeroning jagat.ingsun iki kabeh.sira metua ingsun arep weruh sejatining urip.laa illaaha illallah muhamad rasul allah. {kanggo meruhi ROH}

4.gedong sukma tutup sukma.kancing rasa purba wasesa langgeng.ya ingsun pangeran sadirum.teka jleg lunga jleg sangyang wuryan.wuryan katon wuryan ketemu….illallah…3.x.sahadat tanpa sahudu.ila fisrika.ora ana pengeran nanging allah kang sinembah.satuhune…….duh gusti,kula masrahaken.sedaya dosa lan keluputan kula.jiwa raga kula.lahir batin kula.gelar gulung kula.pati urip kula.kula nyuwun…………., {kanggo nenuwun ing ngarsaning gusti. Tanda…….di isi apa kang dadi panyuwune}

5.sir aning.manjing ingati.kang wening ing cipta.ning ing rasa.dzat lebur ambet-ambet.tan ana   kari.sajeroning jagat ingsun kabeh.dzat les tan ana karasa-rasa. {kanggo sowan ing ngarsaning gusti / ngracut}


KATERANGAN
Rapal no.1 kawaca sepisan kanggo samadi pendak2 wayah jam 6.5 menit sore. Rapal no. 2 kawaca sepisan kanggo samadi pendak2 wayah jam 9.5 menit bengi. Rapal no.3 kawaca sepisan kanggo samadi pendak2 wayah jam 12.5 menit tengah wengi. Rapal no. 4 kawaca sepisan kanggo samadi pendak2 wayah jam 6.5 menit esuk. Rapal no. 5 kawaca sepisan kanggo samadi pendak2 wayah jam 12.5 awan.
Sing sapa bisa anguasai adji paweling iki. Bakal slamet ndunya akherat. Margining kasembadan karepe. Kaleksanan niyate. Katurutan tujuane. Katarimah panyuwune. Lan keparingan kawaskitan. Moga bermanfaat.






WEJANGAN ADJI PADMAWARA

YAGNG PERNAH DI PELAJARI OLEH :
KI DJAKA TOLOS

KAWITAN :
Patrape tumindak. tumrape wong kang during tau ngancik ing bab kawruh iki. Saben esuk jam 4 tumekaning jam 5 tangi turu, banjur sesuci njupuk banyu wulu. Banjur lingguh sila kaya patrape wong semedi biasa. Uga nganggo patrap kan wus kasebut ing ban aji panunggal jati. Maladihening lan aji paweling. Banjur anyebut asmane gusti allah. Kang murbeng dumadi. Kanti angon lebu wetune  napas. Sajroning sedmedi iki di barengi karo panyuwun sabarang kang becik. Kayata. Nyuwun kasucian. Kaslametan lan sapanunggalane

Iki mau kudu katindak’ake kanti sareh lan ora kesusu grusa grusu. Sarta Manawa wus antuk kanyatan ora kena kanggo mburu kadonyan. Manawa kawruh ing kitab iki wus bias kagayuh. Banjur kudu dibaleni supaya bias menep ing dalem sanubari. Banjur lagi kena ngancik kawruh sabanjure

Sabanjure ana kaol: tinimbang darbe cekelan siji, luwih becik Manawa akeh. Mula ing kitab iki luwih becik Manawa bias anggayuh sakabehing lapel ing mburi. Sinambi methik lapel iki, kudu sarana angurang-ngurangi. Tegese kaya kang kaesbut ing sekar kinanthi. Kang unine :

Padha gulangen ing kalbu
Mring sasmita amrih lantjip
Aja pijer mangan nendra
Kaprabawiran den kaesthi
Pesunen sarira-nira
Sudanen dhahar lan guling


Tegese : angurangi dhahar.sare lan syahwat
Kajaba saka iku kudu bias nindak’ake 7 prakara kaya kasebut ing ngisor iki

  1. ora kena nglarani : tegese. Ing sasolah tindake. Pangucap lan pikiran ora kena nglarani wong liya lan awake dhewek. Becik raga utawa atine
  2. ora kena goroh : tegese. Kudu jujur marang awake dhewek lan ing liyan, lahir batin kudu padha
  3. ora kena cidar : tegese. Ora cidra ing janji.ing pikiran lan tindakan
  4. ora kena reged : tegese. Ora kena reged ing pangucap lan pamikiran uga tumindak
  5. ora kena milikan : tegese. Ora kena rumangsa ndarbeni dhewe. Anangin kudu rumangsa, kabeh mau asale saka kang murbeng jagad
  6. ora kena jireh : tegese. Ora kena was-was atine
  7. ora kena kesed : tegese. Kudu mbuwang sakabehe rasa aras-arasen sarta kudu sregep tetulung mring sapadha padha.
Tegese laku 7 ing nduwur mau. Kasebut sajatine mengku surasa kang jero. Ananging ora dak jarwak’ake. Marga kena ing babasan kakehan isi kurang mapan

Kawruh sajroning buku iki. Manawa gelem ngonceki. Mengku surasane kang gentur banget. Sarta Manawa kabeh wus bias ginayuh. Sanajan pirang-pirang ngilmu kang diuntal, ananging ora bakal krasa sesak, malah dadi manungsa kang mulya. Kaya klebu ing babasan : ngilmu iku, yen ginelar. Ngebeki jagad, yen ginulung sak merica jinumput

Katerangan kang worsuh wus cukup lan ora bakal kaprinci maneh
Welingku. Ora kena kawaka utawa katindak’ake dening sapa bae kang during paham marang apa kang wus katerangake ing nduwur mau.


                                                AJI PADMA WARA

TINGKAT DASAR
Urutan kang sepisan :
Lakune sadian sawengi mutih. Bengi kena turu sawetara. Sadurunge nglakoni kudu sesuci lahir batin. Tegese ora kena nduweini pikiran kang rusuh. Kudu percaya lan madep mantep. Rapal iki kang kawaka sapisan nganti rumasuk ingati sanubari. Menawa iki wus kagayuh. Banjur lagi kena ngancik rapal kang kapindo. Mangkono sabanjure. Pangati-ngati sewula mung kena nglakoni sak langkah. Banjur banjur lagi kena urutan sabanjure. Iki rapale

Sallallahu ngalaihi wa salam.kakang cahya.roh rohani.roh jasmani.roh robani.roh hewani.kaki tumeka bapa bisa’a……..tumekaning awaku.beda apa bapa lan kakang.kun faya kun tanpa sahudu.kudratullah ingsun pinayungan dening allah.

Tanda……..dim isi manut apa kang kinarep ake.

Urutan kang kapindo :
Lakune mutih sadina sawengi. Ora kena turu sarat maca lan nyipta rapal iki

Malaikatku papat satus patang puluh papat sak balane.jabaro’il malaikatku siji.ngijro’il malaikatku loro.ngisrofil malaikatku telu.ngisro’il malaikatku papat.mika’il malaikatku papat satus patang puluh papat sak balane lah sira tangiya.sira sun kongkon……lamun ora kena sepatane allah kapindo rosullullah.

Tanda ………..apa kang kinarep ake.

Urutan kang katelu :
Lakune pasa biasa sadiana sawengi lan kena turu sawetara. Rapale

Bayu deku braja nembak-nembak.surasane kala bumi bisu.kucem tanpa rasan.koe yen ndulu marang aku.teka wedi teka asih kersaning allah.


Urutan kang kapapat :
Lakune kaya rapal nomer. 2 iki rapale

Bismillaah ilmu si jabang bayi.menanga satingkahku.menanga sagaweku/aranira sukma tunggal.tunggal lidahku.kaya baya ngangsar raiku.kaya gajah gumarang awaku.kaya buta sewu suwaraku.jahu lante nyawuk nyawane ratu.tanpa tenggek tanpa sirah.jabang bayine…….jungkur nyawane ratu.kersaning allah.

Tanda …..di isi jenenge wong kang den maksud

Urutan kang kalima :
Lakune mutih rong dina sawengi. Kena turu sawetara. Lan nyipta rapal iki

Ana kedawang nyamber ing tawang.alat macan sewu ing mataku.macan putih ing dadaku.macan turu ing mburiku.gelap ngampar pangucapku.durga mendak kala mendak.jabang bayine…….andulu jabang bayiku.teka kedep teka kerep teka wedi teka asih marang aku…kedep kerep….3x.kersaning allah.

Rapal iki kena nggo njaga diri Manawa ana bebaya apa2. tetep teguh ora nduweni rasa wedi. Tanda …….di isi jenenge wong kang ngrubeda

Urutan kang ka enem :
Lakune kaya no 5 lan nyipta rapal iki ingisor iki
Sipatullah luputa sing di arah.kena’a sing ngarah.kulhu sungsang.tekenku para malaikat.pinayungan para nabi.nabiku nabi muhamad…..nabi allahu akhbar…3x.

Rapal iki. Kena ngga njaga omah. Masang tumbal omah.durjana lan braja teluh tuju jajar ora bakal tumama. Patrape : nganggo endog wukan. 5 iji. Di sanding lan di wacakna rapal iki mau sadina sawengi pasa patigeni. Tegese ora mangan/ngombe lan turu. Banjur endhog mau di pendem ing  satengahe omah siji lan pojokan omah papat siji-siji.


TINGKAT AWAL
Urutan kang kapitu :
Lakune mutih rong dina rong bengi. Melek sawengi karo nyipta rapal ing ngisor iki

Sallallahu ngalaihi wa salam.adam adeku.rosul awaku.sakabehing jalma manungsa sing angrungu sing akrungu.adoh karut cedak kanyut.karut kanyut kersaning allah.

Rapal iki kena kanggo pengasihan. Luwih2 marang wanita

TINGKAT ISI
Urutan kang ka wolu sanga nganti tumekaning tingkat akhir. Wis kalebu urutan rapal kang luhur. Kang duwur. Kang paling gawat. Ampuh banget. Nek among teluh.santet.sihir.brojo curigo watang limpung tuju jajar. Ora bakal tumomo. Mula ora kena sembrana anggone nglakoni bagian sing iki. Kudu di awali karo laku. Kaprawiran. Kayata. ora kena turu sadurunge jam 12 bengi lan bener2 suci lahir batin. Pesenku. Aja grasa grusu. Kudu ati2. luwih becik di lambari ing saben esuk semedi. Sambi nyinaoni aji panunggal jati lan aji paweling. Yen wus ka gayuh. Nembe kena nglakoni urutan ing ngisor iki

Urutan kang ka wolu :
Lakune kena mangan nangi ora kena turu sadian sawengi. Lan nyipta rapal ingisor iki. Nganti semesep ing kalbu

As’hadu kahanan ingsun.allah jeneng ingsun.ingsun kang nduweni badan wewayangan,wewayangan ingsun.kang nduweni urip.nur hidayatullah.eling lesing ati.tan ana karasa.yahu eling slamet.

Urutan kang ka sanga :
Lakune pada karo no. 8

Gedong allah awaku.tutup nabi badanku.kancing rasullullah jasatku.laa illaaha illallah muhamad rasul allah.

Urutan kang ping sepuluh :
Lakune kena mangan ning ora kena turu setengah wengi. Kenane turu sawise jam 12 bengi sawetara. Tansyah maca lan nyipta rapal ingisor iki

Mlebu allah metu allah.anekak ake urip.utek dunungna si kodrat.kun wadahe ilmu.fayakun tutupe ilmu…..hu…allah….3x.

Urutan kang ka sewelas :
Lakune pada karo nomer sepuluh

Bismillaah sir allah.badan allah geger allah.dada allah balekar allah kabeh….hu….allah..3x.
Urutan kang ka rolas :
Lakune pada karo nomer sewelas

Ratu rancang kencana…2..x.sapa kang ana kiwa tengenku iki.ya aku allah.allah sira reksanen badan ingsun kabeh…hu…allah….3.x.
Urutan kang ka telulas :
Lakune pada karo nomer rolas

Sallallahu ngalaihi wa salam.mu alaikum salam.allah badan ingsun.muhamad atiningsun.pengeran kulit ingsun….hu..allah..3x.

Urutan kang ka patbelas :
Lakune pada karo nomer telulas

Gempung suwung.tan ana apa-apa.mung allah lan aku kang ana…hu..allah…3.x.

Rapal kang nomer 11.12.13.14 iki. Uga ana sirikane. Yaiku. Ora kena nguyuh wayangane dhewe. Manawa kabanjur utawa ora sengaja, kudu nyebut : kula nyuwun pangapura

TINGKAT AKHIR.
Urutan kang ka limalas :
Lakune pada karo nomer patbelas

Ana sukma teka wetan mangulon parane.mara seba sujud marang ingsun.ana sukma teka kulon mangetan parane.mara seba sujud marang ingsun.teka kidul mangalor teka lor mangidul.teka nduwur mangisor teka ngisor manduwur.sakabehing sukma seba sujud marang ingsun.tetep ingsun utusaning allah.laa illaaha illallah muhamadur rasullullah.sir ning tes ning.allah mangku sira.allah mangku ingsun.sir paningaling allah.sun cipta jabang bayine………kalaha bati aku.

Rapal iki uga ana sirikane. Ora kena mangan ketan di kokop. Tegese ora di puuluk nanging kaya asu mangan iku ora kena. Ora ken ngedekake alu ing longan. Tegese aja adigang adigung adiguna. Tanda……di isi jenenge kang den maksud

Urutan kang ka nembelas :
Lakune pada karo nomer limalas

Ya ingsun eyang bagenda kilir.lungguhku bumi.jenengku srengenge.rupaku bayu.banyuku angina.netraku wulan.kedepku lintang.kilat tatit ing leyepku.ingsun madep ngetan.ningali si ringin sungsang.dadiya rahayuku.sadurunge ana bumi kalawan langit.ya ingsun si ringin sungsang.segara cahya mangan rasa.segara rasa mangan cahya….cahya….3.x.hu..allah.rasa-rasaku rasullullah.si ahmad sira metua si amanat arep mrene.

Urutan kang ka pitulas :
Lakune pad karo nomer nembelas

Muhamad njaba muhamad njero.muhamad kodim.rosul njaba rosul njero.rosul kodim.panyuwun njaba panyuwun njero.panyuwun kodim.rohmat njaba rohmat njero.rohmat kodim.kun…faya…kun……allah njaba allah njero.ingsun nekak ake urip…ya..hu..allah..3.x.

Kun wadahe ilmu.fayakun tutupe ilmu.sir allah dat allah.sipat allah wujud allah.allah ya pengeran.pengeran ya allah.allah ya gust.gusti ya allah.nur muhamad kang manjing gua garbaku.sira metua aku njaluk…..kanti teguh rahayu slamet.


TINGKAT PAMUNGKAS.
Urutan kang iki. Urutan kang paling duwur dewe. Mula. Kenane ngancik urutan iki.kudu wus bisa nguasani aji panunggal lan aji paweling luwih dishek. Ugo kudu bener2 wus suci temenanan. Sarta ngutamak’ake perilaku kabecikan. Supaya ora nyalahi kodrate dadi manungsa lumrah. Dedasar wicaksana adil paramarta berbudi bawaleksana. Ingisor iki rapale

Urutan kang ka wolulas
Lakune pada karo nomer pitulas

Sallallahu ngalaihi wa salam.dzat allah ora ana.dzat wali allah aku.he…….aja maneh koe.bapa biyang.kakek moyangmu wis sujud karo aku.


PAWELINGKU :
Sawise tumekan ing urutan paling duwur iki mau. Banjur kanthi alon2 wiwit angeningake cipta. Laku maladihening utamaning samadi. Biasane. Sing wus pernah tak alami. Manawa wong yen wus tekan alam kang duwur iku. Kudu ngati-ati. Ora kena numpahi liyan.ora kena ngomong ala mring liyan lan sapanunggalaning.

Sabisa-bisa banjur ngumpulake kekuatan2 kang wus ginayuh sajroning 18 wulan manekung ing aji padmawara iku mau. Supaya ora muspro, marga kekuatan iku mau lali. Kena di umpama’ake kaya dene wong kang wus munggah tekan untu andha kang duwur dhewe banjur kanteb tiba tekan ngisor. Mesti wae tibane uga kanteb banget. Mula Manawa wus tekan urutan kang pungkasan iki mau. Nanging nganti kalepyan urutan sangisore. Mula uga banjur ajur lebur badane. Tegese bias rusak jiwane salah urat.

Akhir pesenku. Toto titi surti ngati-ati kuwi luwih wigati tinimbang sragal srugul….muga ana manfaate kanggo sapa bae….

IKI BAGIAN KANGGO AWEH PITULUNG MRING LIYAN BABAGAN SUMENG
Panji anom /Nggo pribadi

Bismillaahi…niyat ingsun arep adus.angedusi badan papat kelima pancer sukma.nem panutan.serur bekutut gagak siwalan keturunan cahyaku.cahya nur buat.bismillaahi niyat ingsun amatek ajiku si panji anom.

Lakune. Kawaca tiap2 arep adus saben dinane

Kanggo tetulung :
1. yen sing lara lanang. Patrape. Lungguh sial ngadep banyu putih segelas. Banjur nyipta rapal ingisor iki kanti teguh rahayu slamet

Rapale kanggo lanang:
Sing lara allah.sing nambani allah.si…….waras dening allah.

Tanda ……..di isi jenenge kang lagi lara/sumeng

2. yen wadon. Patrape uga pada karo sing nduwur mung beda rapal

Rapale kanggo wadon :
Bismillaahi aku ora nambani larane si……nambani langit kelawan bumi.nambani lintang kelawan rebulan.nambani geni kelawan banyu.adem asrep katiban cipta dadi.waras dening allah.

MOGA BERMANFAAT : NING TETEP NGANGGO ANGGER-ANGGER.TATA-TITI SURTI NGATI-ATI….wassalamu alaikum wr/wb….AMIN






5 komentar:

Anonim mengatakan...

assalamu' alaikum..
saya mau nanya ki, untk keluar msukny nafas itu lewat hidung saja.
apa masuk hdung dan keluar lewat mulut??
maaf ki,atas kebodohan saya ini.
Mohon penjelasannya.
terima kasih.itu lewat hidung saja.
apa masuk hdung dan keluar lewat mulut??
maaf ki,atas kebodohan saya ini.
Mohon penjelasannya.
terima kasih.

Unknown mengatakan...

Wa alaikum salam wr/wb....ma'af br bisa balas. masuknya lewat hidung....dan keluarnya lewat mulut.....Trima kasih atas ampiranya. semoga ada manfa'atnya.....Salam Rahayu........_/\_

Anonim mengatakan...

assalamu' alaikum wr/wb..
saya mau tnya ki....
U/ puasa mutih rong dina sawengi itu maksudx gmn ki??
bedax apa dgn puasa mutih sedina sawengi??
Mohon penjelasanx.
terima kasih sebelumx...

Anonim mengatakan...

ealaa......
Commentq g dibalas...
(╥﹏
╥)
mohon maaf kl saya yg bodoh n awam ini g tau apa2.
salam rahayu.

Unknown mengatakan...

Wa alaikum salam wr/wb.....waduh ma'af saudaraku....bkn ngga mau bls.....tp baru buka. jadinya br tau....mohon di ma'afkan.....puasa mutih long dina sewengi......maksudnya....puasa siang hari dua hari...malamnya skali.bedanya dgn puasa mutih sdina swengi adalah niyat dan tujuannya.....misal. sy mau tujuanya ke jakarta....pasnya puasa mutih sdina swengi.....tujuan slain jakarta. tntunya tdk sama....jd yg membedakan. adalah niyat tujuannya......skali lg mohon ma'af atas lambatnya jwb...Salam Rahayu..........._/\_