Aji Mumpung:
ANA tetembungan "aji mumpung" lan "ngaji
pupung". Tetembungan mau loro-lorone bener, bedane "aji mumpung"
luwih mengenake tembung aran, yaiku ananing aji-aji sing jenenge
"mumpung", dene "ngaji pupung" nengenake tembung tanduk,
yaiku ngaji-aji utawa ngregani banget marang kalodhangan utawa kesempatan. Dadi
surasane padha bae, ing tetembungan aji mumpung kalodhangan kang bisa aweh
kauntungan iku dianggep kadidene aji-aji, dene ngaji pupung kalodhangan mau
diaji-aji lan diurmati banget.
Aji iku tegese duwe pangaji kang larang utawa "sangat
berharga". Diaji-aji iku tegese diumpati, dipundhi-pundhi. Aji iku asring
kanggo sesebutaning ratu utawa pendhite, upamane ing tembung Kanjeng Dewaji
Sang Aji Panembahan. Aji-aji iku nduweni sifat kang ampuh, sifat supranatural
kang dadi sifat kandele sing duwe aji-aji mau. Aji-aji iku upamane: Aji
Pancasona. Aji Condoirawa, Aji Gelap Sayuta, lan sapanunggalane.
Aji mumpung iku nduweni surasa kang negatif lan ironis,
kayadene tetembungan "bandha nekad", "modal dengkul". Aji
mumpung ora nduweni sifat sakral utawa supranatural senajan nduweni "nilai
ekonomis". Aji mumpung utawa ngaji pupung klebu ewoning sifat utawa
tumindak kang ora becik.
Kanggone wong sing ngaji pupung, mumpung utawa kesempatan
perlu diaji-aji lan dimanfaatake kanggo golek kauntungan. Mumpung-mumpung iku
upamane: mumpung kuwasa, mumpung lagi nglungguhi "jabatan sing
basah", mumpung dipercaya nyekel dhuwit, mumpung dadi anggota DPR. Aji
mumpung iku mung golek kauntungan kanggo awake dhewe, kulawarga utawa
golongane, kanthi gawe rugine negara lan masyarakat. Aji mumpung iku bisa dadi
sumbering korupsi sing ngrugekake wong akeh.
Mumpung iku uga duwe teges kang becik, yaiku menawa
kalodhangan mau digunakake kanggo tujuwan kang becik, upamane: mumpung isih
enom ngudiya kawruh kang migunani, mumpung lagi ora akeh gaweyan, resik-resika
omah. Mumpung iku nuduhake amane kesadharan ngemani wektu, marang kalodhangan
kang yen wis kliwat ora bakal bali maneh. Manungsa kudu metung wektu supaya ora
dioyak-oyak wektu, supaya ora keri karo playuning wektu. Wong sing ngaji pupung
iku duwe kesdharan manawa kalodangan mau ora dimanfaatake, yen wis kliwat ora
bakal bali maneh. Mula kalodhangan mau kudu dimanfaatake kanggo golek
kauntungan sing akeh.
Kedereng kekarepan lan kamurkan numpuk banda, banjur akeh
pranatan utawa wewaler kang diterak. Wusanane, yen wis kebak sundukane, bisa
kadenangan lan dadi prakara ing pengadilan. Saliyane mlebu tahanan, yen wis
divonis hakim kudu mlebu lembaga pemasyarakan, malah isih kudu mbalekake dhuwit
sing wis dikorupsi.
Wong sing ngaji pupung iku kaya-kaya wis ilang rasa
kamanungsane. Wong mau ora nduwe welas marang sapadha-padha kang uripe luwih
rekasa. Jiwane kebak angkara murka, mentingake dhiri pribadi lan ora ngrewes
kasangsaraning liyan. Korupsi lan aji mumpung kang wis ngambra-ambra iku gawe
saya sangsarane rakyat. Ya sifat aji mumpung mau sing nyebabake Indonesia ora
bisa enggal dadi negara sing maju.
Aji mumpung iku tansah gandheng kunca karo korupsi, kolusi,
lan nepotisme (KKN). Muga-muga niate pamarentah ngadani peprentahan kang resik
lan mbrasta korupsi ora mung mandheg ana ing rembug (wacana), nanging
nyata-nyata dileksanani, saengga sing jenege aji mumpung iku dudu aji-aji
maneh. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah
Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Amerangi Jaman Edan:
PRAHARA dateng gilir-gumantos. Senajan kathah ingkang
nyebataken punika prahara alam, nanging sakjatosipun ugi amargi sembrananing
manungsa. Amargi srakahing para punggawa. Amargi kita sadaya sami kesupen
dateng kawruh "Sangkan paraning dumadi", ngengingi asal lan tujuanipun
sadaya makhluk gesang. Kula lajeng kengetan geguritanipun Gojek Joko Santoso:
Singapur gerimis/ Malaysia jawah deres/ Saudi Arabia hawa benter/ Alaska hawa
asrep / Indonesia...hawa nepsu.//
Nepsu pados jabatan, pados kuwaos, pados donyabrana, pados
sembarang kalir kanthi patrap ingkang tebih saking kasantunan. Sakraup kemawon
sampun cekap kok sakranjang rumaos taksih kirang. Supe kaliyan wejanganipun
para sepuh: Tiji tibeh, pejah setunggal pejah sedaya. Mukti setunggal mukti
sedaya.
Miturut para ahli, senajan jawah nggrejih pinten-pinten
dinten, manawi alas boten dipun babat, manawi lepen boten dipun serbu griya,
manawi selokan boten dipun sumpel runtah lan plastik, manawi kuburan boten
dipun sulap dados kantor, manawi tambak boten dipun urug dados pabrik...boten
bakal wonten kedadosan prahara banjir bandang kados ingkang dipun alami kitha
Jakarta ing awal Tahun Babi 2007 punika.
Manungsa, khususipun para pangageng jaman sakpunika, sajak
sampun boten gadhah sesambutan batin kaliyan alam lingkungan lan Gusti, ingkang
sampun paring panggesangan lan karaharjan.
Jaman punika saged dipun wastani jaman gemblung, jaman edan,
kadosdene tembang Pucung pethikan Serat Centhini:
Nawung kridha kang menangi jaman gemblung/ Hiya jaman edan/
Ewuh aya ing pambudi/ Yen melu edan yekti nora tahan/ Yen tan melu anglakoni
wus tartamtu/ Boya kedumanan/ Melik kaling donya iki/ Satemahan kaliren
temahanira.//
Miturut Jangka Jayabaya, pitedhah ingkang kedhah dipun ugemi
inggih punika kalimat pungkasanipun: Sakbeja-nejane sing lali, esih beja sing
eling lawan waspada.
Eling;
Sumangga sami eling dateng pandam, pandom lan panduming
dumadi. Pandam punika tegesipun cahya ingkang sumunar. Pandom ateges arah,
tujuan gesangipun manungsa. Panduming dumadi ateges keselarasan takeran
sebab-akibat saking Gusti ingkang Maha Kuwaos (Damardjati Supadjar: Filsafat
Ketuhanan, 2000).
Mangga sami dipun anggit lan raosaken Macapatan saking Ki
Hadi Suranto ingkang kapacak Kalawarti Basa Jawi Damarjati edisi paling enggal
28 Februari 2007:
"Cegah dhahar lawan nendra/ Hardeng nepsu den kirangi/
Pra Bramana lan Narendra/ Lan sanggya kawula dasih/ Kramas jamas sesuci/
Angruwat malaning kalbu/ Mrih raharjaning praja/ Kinayoman ing Hyang Widhi/ Ya
mangkono kang kaweca jroning Wedha.//"
Manawi kahanan ingkang boten sakeca akibat prahara punika
boten enggal dipun ewahi dening kita sadaya, menungsa ingkang dipun wastani
menus-menus ora rumangsa, donya punika lajeng saged dados neraka. Kadosdene
ingkang dipun ngendikakaken Ki Endraswara saking Ngayogyakarta Hadiningrat:
"Wong cilik bakal padha mendelik, wong tani rumangsa
ditaleni, wong dora malah ura-ura, wong bener thenger-thenger, wong salah
bungah-bungah."
Jayabaya nyebataken ngengingi Jaman Tri-Kali. Sepindah,
Jaman Kali Swara: sakderengipun taun 700. Kaping Kalih, Jaman Kali Yoga: taun
701 dumugi 1400. Kaping Tiga, Jaman Kali Sengara: taun 1401 dumugi 2000. Khusus
Jaman Kali Sengara dipun perang dados 5 perangan inggih punika:
Kala Jangga: taun 1401-1500
Kala Sakti: taun 1501-1600
Kala Jaya: taun 1601-1700
Kala Bendu: taun 1701-1800
Kala Suba: taun 1801-1900
Kala Sumbaga: taun 1901-2000
Wondene abad millennium utawi abad 21 dipun sebataken
ngangge sebatan Kala Surata: taun 2001-2100, kanthi ancer-ancer Darmana (omber
manahipun); Watara (ngatos-atos) lan Isaka (pangeran). Manawi boten dipun
gatekaken, boten namung prahara alam ingkang tambah ngedab-edabi, ugi prahara
kabudayaan lan peradaban ingkang badhe nambah risaking gesang kita sadaya lan
anak putu.
Tandha;
Tandha-tandhanipun sampun kathah: "Kali ilang kedhunge;
Pasar ilang kumandhange; Wong wedok ilang wirange; Wong lanang ilang
kaprawirane". Jangka Jayabaya nyebataken "Akeh tesmak bathok, mlorok
ora ketok; akeh wong wadon rebutan guru laki; akeh bayi lahir bingung nggoleki
bapake; akeh wong mati mung merga dicokot lemut".
Kangge ngowahi kahanan supados boten katerak cakra
manggilinanipun Jaman Gemblung, kita sadaya kedhah saiyeg saekapraya
"Amerangi Jaman Edan".
Sepindah, kanthi prinsip Tata-Titi-Tentrem.
Tata, ateges wonten rencana kangge ngatur samudayanipun.
Titi, ateges kedhah ngawasi kanthi ngatos atos lan teliti,
sampun ngantos wonten ingkang ketriwal.
Tentrem, ateges ayem, aman, tenang, ngremenaken manah.
Kaping kalih, kedhah sakmadya ing sabarang kalir, boten
kenging srakah, ngaya, lan ngayawara.
Kaping tiga, tepa slira, boten namung ngutamakaken akal
(otak) nanging ugi raos (batos), ngengeti bilih dipun jiwit punika kraos sakit
inggih sampun ngantos remen njiwit tiyang sanes.
Kaping sekawan, empan papan, inggih punika keluwesan dipun
selarasaken dateng kawontenan, wonten subasita lan tata kramanipun.
Kaping gangsal, bener lan pener, ateges boten waton
gondhelan dateng aturan nanging ugi wewates, adat, tatacara ingkang taksih
dipun ugemi masyarakat.
Kaping nem, rukun lan urmat, kadosdene pitedah tiyang sepuh:
"Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa", utawi "Ajining diri
suka lathi, ajining raga saka busana, ajining awak saka tumindak."
Kaping pitu, luwes lan toleran, kados dene petatah-petitih
"Ngono yo ngono ning mbok aja ngono", utawi "Aja dumeh, aja
mitenah, aja sewiyah, aja waonah, aja srei-drengki-jail-methakil, aja aji
mumpung, aja adigang-adigung-adiguna".
Kula pitados bilih kajawi saking ajawan Jawi werni pitu ing
nginggil punika taksih kathah ajaran sanesipun ingkang boten kalah mentesipun.
Nanging kula ugi pitados manawi ajaran ingkang pitu punika dipun laksanakaken
ing sakdinten-dintenipun, Insya Allah Gusti Ingkang Mahawelas lan Asih boten
bakal badhe nambah kasengsaran kita kanthi prahara-prahara saklajengipun. Mugi-mugi
kita sadaya saged damel langit mlengkung dados kubah mesjid, gereja, klenteng,
vihara, ingkang aromanipun swarga. Amin. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam
Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Ngundhuh Wohing Penggawe:
ANA tetembungan sing unine "Sapa sing nandur bakal
ngundhuh". Unen-unen iku ana sambung-rapete karo "Ngundhuh wohing
penggawe" utawa "ngundhuh wohing pakarti". Lire, kahanan sing
disandhang saiki ora uwal saka penggawe utawa pakarti sing wis ditindakake.
Kahananing urip, bungah susah, begja cilaka, sugih mlarat, kabeh mau
keh-sithike mujudake wohing pakartine dhewe.
Apa kabeh sing nandur iku mesthi ngundhuh? Lha nek tandurane
ora thukul, sawahe puso, apa sing bakal diundhuh? Yen sing ditandur penggawe
sing ora becik adate bakal ana wohe; yen sing ditandur iku kabecikan durung
mesthi wohe bakal dirasakake. Sing ngundhuh ora mesthi sing nandur, tarkadhang
sedulur utawa anak putune. Tumindak becik utawa nandur kabecikan kuwi apike
kawawas minangka kewajiban, dadi ora perlu diarep-arep pituwase.
Pakarti kang ora becik iku mesthi ana undhuh-undhuhane. Mula
manungsa iku kudu bisa mawas dhiri, pakarti apa bae sing wis katindakake sing
undhuh-undhuhane bisa gawe ora kepenaking uripe. Kanthi mangkono manungsa ora
bakal gampang nyalahake wong liya, nyalahake nasib, nyalahake takdir, sing
ateges uga nyalahake Sing Gawe Urip.
"Sing sapa salah seleh", tegese sapa sing tumindak
culika iku bakal nemu kasangsaran. Manungsa iku percaya menawa Gusti Allah iku
Mahaadil. Manungsa percaya menawa ana hukum sing luwih adil ing sandhuwuring
hukum negara utawa masyarakat. Saben negara duwe pranatan utawa hukum
dhewe-dhewe. Hukum gaweyane manungsa iku tarkadhang kurang adil, luwih-luwih
cak-cakane. Pidana kang kapatrapake tarkadhang sok ora samurwat karo
kaculikane. Sogok-sogokan utawa suap-menyuap wis kaprah ing proses pengadilan.
Sing diarani "mafia peradilan" iku dudu mitos utawa critra kang
ngawayara.
Hukum sing luwih adil yaiku hukum alam, hukum karma, hukum
gaweyane Sing Mahaadil. Senajan manungsa bisa ngendhani pamidanane hukum
negara, manungsa ora bisa uwal karo Mahahukum gaweyane Sing Akarya Jagat.
Asring ditembungake menawa "Gusti Allah iku ora sare", lire sakabehing
tumindak ala lan becik iku tansah kapirsan. Ananing Gusti Allah iku uga
"Maha Pengampun". Sakabehing dosa iku yen wis disadhari, diakoni, lan
sabanjure wong mau mertobat, mesthi bae bakal pinaringan pangapura.
Tetembungan "Ngundhuh wohing penggawe" iku bisa diarani
"kearifan lokal" utawa kawaskithaning masyarakat Jawa anggone merdeni
lan mahami urip lan panguripane. Dadi, sumbering undhuh-undhuhan iku dumunung
ana pakartine dhewe, mula manungsa kudu tansah ngati-ati nalika tumindak utawa
makarti.
Apa sakabehing panandhang iku asale mesthi saka pakartine
dhewe? Apa lindhu gedhe, tsunami, lendhut panas sing nuwuhake panandhang tumrap
sebageyan masyarakat Indonesia uga mujudake wohing pakarti? Dosa utawa pakarti
ora becik apa sing nuwuhake panandhang mau? Nalika pemerintah ngundhakake rega
bahan bakar minyak (BBM) sing tambah gawe rekasane rakyat, yen petani rugi
marga pamarentah ngimpor beras, iku apa ya rakyat cilik utawa petani sing dosa?
Pakarti iku ana sing sifate "makro" ana sing
sifate "mikro", ana sing sifate kolektif, ana sing sifate pribadi.
Pakarti ora becik utawa dosa iku ana sing arupa dosane wong akeh, dosane
negara, dosa turun-temurun, lan dosa pribadi. Dosa sing kaya ngono mau
tarkadhang sing ora melu-melu ya katut ngundhuh; dadi, ora pilih-pilih, sapa
bae ngundhuh wohe. Ananing proses mau durung rampung, sifate isih sementara.
Sabanjure mbokmenawa ya mung sing makarti sing ngundhuh wohe.
Sakabehing tumindak iku kudu dipetung utawa
dilimbang-limbang kanthi premati, awit kabeh mau sing bakal ngundhuh ora liya
ya awake dhewe. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet
Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar