NIYATE golek rewang kuwi supaya bisa sabiyantu pedamelan,
sing abot dadi entheng, sing ora bisa ditandangi bisa rampung. Nanging, pancen
ora gampang golek rewang. Apa maneh ing jaman kemajuan teknologi informasi lan
komunikasi saiki, para rewang bisa tilpun-tilpunan, tukar nasib lan kahanan,
crita ngalor-ngidul, sabanjure mothah marang bendarane njaluk undhakan bayaran
lan sapanunggalane.
Bendarane ora bisa suwala jalaran ora gampang golek rewang.
Mula, saiki ana unen-unen bendara kudu manut karo rewange. Yen ora manut, malah
bisa cotho dhewe. Sanajan saben dina ngelus dhadha merga rewange ora sigap nyambut gawe, bendara
tansah ngetung lan metung sadurunge kapeksa mecat rewange.
Kuwi rewang kanggo rumah tangga, bebrayan. Kepriye mumete
golek rewang sing bisa mbiyantu nyekel pusaraning adil, mobah-mosiking negara?
Dudu rewang sembarang rewang, salah milih malah bisa gawe wirang!
Kamangka, kanyatan akeh yuyu katut kepilih dadi kapitan.
Akeh wong sing mesthine dadi panuntun, pantes tinulad, priyagung luhur, malah
dadi tukang catut. Bisa nyapit ngiwa nengen. Bisa nylesep marem nyes ing
panggonan teles, nanging bengok-bengok yen ing panggonan garing. Akeh tukang golek slamet, bisa mrana-mrene
saperlu ngeruk kauntungan.
Sing nedya kapilih dadi rewang kuwi dudu wong baen-baen.
Wong-wong sing padha nguwasani loji lan tetunggangan warna-warna. Wong-wong sing
rumangsa wis nandur budi, jasa, lan rumangsa darbe hak melu nempil kamukten
dadi panguwasa. Mula, ora usah ngeling-eling janjine wong-wong mau nalika
sadurunge kapilih. Mundhak lara ati. Anggep wae barang wis kebacut!
Andhe-andhe Lumut;
Sang satria pinilih saiki kadya Andhe-andhe Lumut. Akeh
Kenya sing padha ngunggah-unggahi. Ora mung merga pasuryane sing ngedab-edabi,
nanging uga dhampar kencana sing tansah luber, bisa lelumban mukti wibawa.
Siji mbaka siji diseleksi. Kleting Biru maju nggawa agul-agul
pinisepuh sing wis kondhang kaonang-onang. Malah sadurunge maju pinisepuh mau
wis sapatemon karo Andhe-andhe Lumut jare ngrembug nasibe bangsa lan negara.
”Tumrap Kleting Biru, kalungguhan ora wigati, sing penting ayo tumandang dimen
mbesuk ana owah-owahan,” kandhane.
Kleting Ungu maju kanthi mangu-mangu. Rumangsa kalah prebawa
karo Kleting Biru, dhewekke adol sentimentalisme pluralitas. ”Aku percaya
Sampeyan sing kuwawa mayungi sakabehe kepentingan lan gegebengan. Mula, aku ora
tidha-tidha mrih raharjane sasama,” kandhane.
Kleting Abang nampa giliran. Mlirik kana-kene nyawang
kahanan. ”Ora ana sing mokal ing donya iki. Kabeh ora ngerti apa kang bakal
linakonan,” kandhane.
Kleting Kuning salah-tingkah jumangkah kaya prawan kampung
diambung sepisanan. Ndhingkluk karo ngitung ambegan. Sabanjure, ”Kenangan
pancen endah lamun dianyam, apa maneh sadurunge manjing ing tilam pagulingan.
Nanging, kaendahan sejati ora dumunung ing alam pangimpen. Kenangan uga bisa
jahat banget jalaran tansah ngreridhu laku nalika kita umpamane ora bisa bareng
mlaku...eh lungguh kursi...eh mlaku...,” kandhane melankolis banget.
Kuning, warna sing nggawa werdi jujur, mulya, lan tanggung
jawab kuwi kaya-kaya ora trep cumondhok ing anggane Kleting Kuning. Kamangka,
Bangothonthong wis wegah myang marcapada, kepenak angler ing suralaya. Sapa
sing kudu dadi parang pitakonan?
Kleting Ombyokan teka sawadya balane, regudugan.
Banter-banteran nyuwara dimen bisa kareken sang bagus. ”Ayo, ayo, ana
dum-duman. Awas, yen aku ora keduman. Ayo, ayo, melu, melu, ... melu!”
Kaget Andhe-andhe Lumut. Luwih kaget maneh nyawang kahanan.
Jebul kok kabeh kairing Yuyu Kangkang?
Kuwi crita rakyat sing kebak pralambang. Pancen ora ana sing
nglarang wong duwe kapercayan dhiri. Nanging, yen paham ing donya iki akeh sing
nyalawadi (misteri) lan manungsa kuwi titah sing paling nyalawadi, kapercayan
sing kliwat wates bisa dadi bumerang. Sing ngunggah-unggahi lan sing
diunggah-unggahi kudu padha prayitna, metung lan ngetung kekuatan liya.
Sing diunggah-unggahi aja dumeh lanang, ”ala-ala menang”.
Budaya Jawa ngandhakake sing menang aja dumeh menang, tumindake banjur
sewenang-wenang. Aja mumpung kuat lan gagah, njur tanpa arah-arah. Kemratu,
gemagus, kementhus, ngandhe-andhe lumut, bisa ingaran sewenang-wenang lan tanpa
arah-arah.
Kamangka ana unen-unen janma tan kena kinira. Janma jroning
ìkonteksî iki kawaca kekuatan. Jroning ngunggah-unggahi lan diunggah-unggahi
utawa sawalike, lamaran, tamtu ana pitukon lan bebana. Pitukon lan bebana bisa
dadi sarana kanggo nodhi antebing tekad lan gedhene katresnan, nanging bisa uga
mung cara nulak alus, kapara njlomprongake.
Wis salah kaprah ing jagade politik, lelamisan dadi
kebiasaan. Wingi ketemu anu, saiki ketemu ani. Saiki melu anu, mbesuk melu ani.
Malah ora mokal anu ketemu ani. Sing angel, anu-ani una-ina ketemu rakyat!
Kamangka, rakyat kuwi sing duwe kekuatan sejati, dudu
partai-partai lan pinisepuhe. Kekuatan sejatine rakyat kuwi sing bisa mothah,
ngocar-acirake panggung sing ngusung lakon Andhe-andhe Lumut mau.
Etika Semu;
Para petinggi sing nedya gegandhengan ati prelu tinarbukane
pamawas, apa maneh magepokan karo nasib bangsa lan negara. Ora mung precaya
marang unine lathi, nanging uga bisa lan gelem mbongkar samubarang sing isih
siningidan. Katone menehi iguh pratikel, nanging linambaran kepentingane dhewe.
Saben-saben kekuatan politik mesthine duwe ideologi,
platform, panjangka, sing wis digantha-gantha lan dipantha-pantha. Emane saiki
sing katon mung rebutan roti lan kursi, dudu ideologi. Kabeh padha wae mung beda
gendera. Ewasemono, tetep wae nalika gegandhengan karo kekuatan liyan, kudune
golong-gilig lan bisa angon rasa.
Apa padha ora sayah agul-agulan kekuatan semu. Dudu pira
akehe kekuatan, nanging pira kekurangan sing bisa diowahi supaya kahanan dadi
apik. Babar pisan muspra nadyan akeh kekuatan nanging mung ”ngurawa”.
Ruh etika Jawa yaiku rukun lan urmat. Mung, aja rukun semu,
nalika nggayuh panjangka rukun, nanging benthak sirah lamun kalah. Aja urmat
semu, urmat marga nggembol kepentingan. Yen ditonton ing mripat pedhes lan
sayah banget.
Ungele pradangga lamat-lamat mratandhani ora suwe bakal
jejer kedhaton. Satria pinilih kudu nemtoake rewang sing trep kanggo
nyengkuyung jejibahan agung nggawa prahu nuswantara ngambara ing samodraning
jagat global.
Becik deneling seratan ing Sastra Gendhing anggitane Sultan
Agung supaya para panguwasa ngugemi prinsip-prinsip kepemimpinan, amanah
kapisan ungele, ”Swadana Maharjeng-tursita.” Dadi pemimpin kuwi kudu sosok
intelektual, darbe ngelmu inggil, jujur, lan pinter ngreksa ajining dhiri, bisa
srawung marang sapa wae lan asung tekad mandhiri.
Rewang sing digoleki kudune uga adhedhasar amanah kuwi. Aja
mung adhedhasar dum-duman lan mageri kalungguhan dimen slamet yen digoyang.
Eling deneling: iki tontonan interaktif. Rakyat ora mung dadi penonton, nanging
uga paraga. Malah paraga sejati sing duwe aji sasrabirawa! Ajine Mahesa Jenar
sing bisa gawe luluh-lantak kahanan. Rakyat ora mung nonton Andhe-andhe Lumut
diunggah-unggahi. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh
Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar