UJIAN iku mung srana kanggo mapanake dhiri lan nggayuh
tataran tinamtu. Dudu tujuan. Sebab, yen mung dadi tujuan, sakabehing rekadaya
bakal ditempuh, anggere bisa dianggep pinter utawa prigel. Banjur, apa sing
paling penting jroning pendadaran?
Ing jagad pakeliran, ana lakon Pendadaran Siswa Sokalima.
Iki lakon sing nyritakake pendadaran tumrap para Kurawa lan Pandhawa,
murid-muride Pandhita Drona ing Paguron Sokalima.
Tumrap murid-muride, malah tumrap sapa wae, Drona kondhang
minangka gurune sok sing kepingin nggayuh jaya kawijayan guna kasantikan. Klebu
guru ing bab menthang langkap utawa manah.
Beda karo guru-guru liyane, Drona kepetung guru spesialis
ing bab murid. Muride mung para satriya, mung anak ratu. Kurawa anak ratu,
Dhestarata. Pandhawa uga anak ratu, Pandhu, sing wis murud ing kasidan jati.
Saliyane kuwi, ora bisa ditampa minangka putra siswane.
Wektu-wektu tinamtu, Drona nganakake pendadaran. Pendadaran
kuwi kanggo nodhi, nganti tekan sepira temene ngelmu sing wis diparingake
marang muride bisa kajiwa-kasarira, uga nganti tekan sepira keprigelane
murid-muride anggone ngudi ngelmu.
Pendadaran mau, sing kaprah diarani Pendadaran Siswa
Sokalima, ora mung narik kawigatene murid-murid lan kulawargane, nanging nganti
tumeka para kawula salaladan Ngastina. Saben-saben dianakake pendadaran, ora
sethithik sing padha teka lan nonton.
Njajagi Kekuwatan;
Mesthi wae, tumrap murid-muride Drona, pendadaran mau
mujudake ajang kanggo nuduhake marang sapa wae manawa anggone ngudi ngelmu ing
Sokalima mau temen-temen. Kejaba iku, amarga Pandhawa lan Kurawa mujudake pihak
loro sing padha memungsuhan, sisan gawe pendadaran bisa kanggo ngukur sepira
kekuwatane lawan.
Saliyane kuwi, senajan ora kegolong satriya Pandhawa lan
Kurawa, tetep wae ana sing kepingin melu nyecep ngalmu lan pendadaran ing
Sokalima. Contone Palgunadi lan Basukarna.
Ing bab keprigelan, kurang apa Basukarna. Ing bab menthang
gendhewa, kejaba Arjuna, sapa sing bisa nandhingi ketitisane Suryaputra.
Nanging amarga dudu klebu Pandhawa, apa maneh Kurawa, ditampik pasuwitane
minangka siswa ing Sokalima. Kepara tekane ing Pendadaran Siswa Sokalima rada
diece dening Pandhawa, luwih-luwih Arjuna sing rumangsa meri merga ana wong
sing bisa nandhingi kabisane.
Duryudana, meruhi keprigelane Basukarna, ngerti manawa mau
mujudake dununge pengarep-arep kanggo nandhingi Arjuna, mengkone yen campuh
Baratayuda. Didhaku, direngkuh Basukarna minangka kadang pribadi dening
Duryudana. Kanthi mangkono, putrane Dewi Kunthi mau bisa lungguh padha endheke
lan ngadeg padha dhuwure karo Pandhawa lan Kurawa.
Yen ditandhingake karo Karna, Palgunadi bisa diarani kurang
”mujur”. Ora bisa manjing siswa ing Sokalima, dheweke banjur yasa pepethan rupa
Pandhita Drona. Esuk, awan, sore, prasasat ora eling wayah, Palgunadi tansah
gladhen olah kridhaning perang, luwih-liwih njemparing, kanthi ditunggoni
pepethan mau.
***
Pranyata sing ditindakake Palgunadi dudu tanpa asil.
Keprigalene menthang langkap adoh sungsate yen ditandhinge para Pandhawa sing
prasasat bisane mung tura-turu lan mblendhukake weteng amarga olehe padha mogel
ilate. Ditandhingake karo Pandhawa wae, Palgunadi isih pilih tandhing, klebu
karo Arjuna pisan.
Iku bola-bali sing marakake Arjuna meri lan gething keburu
sengit. Ngerti kabisane Palgunadi, marang Drona, panengahe Pandhawa mau banjur protes. Dheweke ora trima yen
Palgunadi diweleg ngelmu manah nganti bisa ngluwihi dheweke.
Senajan Drona selak, Arjuna tetep ngangseg. Mula Drona uga
ora bisa endha. Marang Palgunadi, Pandita Drona banjur mundhut supaya
diulungake ali-ali sing wis nunggal raga karo ragane. Rumangsa minangka ìsiswaî
sing tuhu bekti marang gurune, Palgunadi sendika wae. Ali-ali dicopot, bareng
karo tugel drijine Palgunadi, pecat uga nyawane.
Temen Tinemu;
”Sapa temen, bakal tinemu.” Yen diwerdeni gegeyutan karo
ujian lan ngudi ngelmu, sok sapa sing temen-temen nggegulang marang kawruh,
mesthi bakal sugih ngelmu. Sok sapa sregep anggone gladhen, mesthi bakal nduwe
keprigelan. Sok sapa wani ngengurangi, ngringkihake laire, mesthi bakal sentosa
batine.
Iki uga laras karo tetembungan kang ana ing tembang pocung:
ngelmu iku kelakone kanthi laku. Tanpa laku, sengara bakal kelakon ngregem
ngelmu. Lan maneh, lekase lawan kas. Tegese kas nyantosani, setya budya
pangekese dur angkara.
***
Beda karo Kurawa umume, Pandhawa relatif luwih sregep lan
luwih kuwat laku prihatine. Wulang wuruke guru digatekake. Kabeh dhawuhe Drona
disendikani.
Dene Kurawa, ora mung kurang nggatekake marang wuruke guru.
Sing kudune wong nggayuh ngelmu iku tansah diuji ing bab kesabaran, luwih-luwih
ing bab ”dhahar lan guling”.
Ujian pancen ngemu godha. Nalika tapa ing Gunung Indrakila,
tekane widadari cacah patang puluh ora kanggo nguja Arjanu. Nanging tekane
widadari ayu-ayu iku kanggo nggodha sang abagus supaya cabar wigar tapane.
Jebul Arjuna tan mingkuh salwiring kewuh, ora gampang kegiwang dening lambe
abang nalika lagi nggenturaker tapani. Kabeh mau dianggep minangka uji, dudu
uja; minangka panodhi, dudu bebungah sing lagi teka. Mula pantes yen banjur keparengan
kanugrahan arupa Pasopati saka kadewatan.
Ing Sokalima, bisa wae Arjuna ingaranan ora kasil kanthi
wutuh. Sebab, ing kana, ngadhepi Basukarna lan luwih-luwih Palgunadi, dheweke
pancen bisa nuduhake pintere lan prigele, nanging dudu jujure. Pancen, ujian
ora mujudake tujuan. Ujian mung dadi srana lan cara kanggo tujuan sing luwih
mulya. Jroning ujian, bisa wae bakal ditaker onjone kepinteran lan keprigelan.
Nanging luwih saka iku, ora mung kandheg ing kepinteran lan keprigelan wae.
Sebab yen mung kanggo mburu perkara loro mau, mesthine cara apa wae bisa
ditempuh, dalan apa wae bakal diliwati.
Hakikate ujian pancen mujudake coba. Coba tumrap sing duji
lan sing nguji, malah klebu sing ana ing omah. Mulane uga banjur melu prihatin,
melu-melu ngengurangi.
Diuji kuwi ditodhi. Diuji kuwi dicoba, sepira kekuwatane,
ditaker sepira kasantosane. Ya sentosa laire, ya sentosa batine. Lire prigel,
pikere pinter, nanging jiwane uga tansah kesinungan kejujuran. ”... He he he .
. . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga
Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar