Ndilalah, Beja, dan Wahyu Kuwasa:
KALAU dalam hal kemampuan tidak tampak begitu istimewa,
kalau dalam hal paras juga bergolong biasa-biasa saja, tak perlu berkecil hati.
Masih ada momentum untuk meraih puncak kuwasa. Nantikanlah untuk (seolah-olah)
dikuya-kuya dan bersamaan dengan itu tumurun wahyu beja dan ndilalah.
Dalam perspektif Jawa yang telah mentradisi, di luar
kewahyon, kuwasa juga dianggap mengandung unsur ndilalah dan beja. Orang boleh
saja bersusah payah dan melengkapi diri dengan segala kemampuan sehingga tampak
pinunjul dari yang lain, tapi kalau tidak dikaruniai beja, ndilalahe ada-ada
saja aralnya. Berkebalikan dengan itu, kalau memang sudah beja, ndilalahe
dihalangi seperti apa pun tetap sarwa kepeneran.
Barangkali di antara berbagai cerita, kisah Pandawalah yang
masih menjadi primadona dalam bawah sadar orang Jawa. Ya, Pandawalah yang hidup
tanpa ayah semenjak kecil. Di bawah asuhan seorang ibu bernama Kunti Nalibrata,
lima ksatria belia itu harus nunut hidup di istana Astina. Itulah istana yang
semestinya mereka terima sebagai warisan, sebagaimana amanat pendahulu, tetapi
kemudian dititipkan kepada sang paman, Destarata.
Namun bukan kamukten yang mereka cecap, melainkan perlakuan
penuh ketakadilan terutama oleh anak-anak Destarata, Kurawa. Oleh Kurawa,
Pandawa senantiasa dikuya-kuya, mulai dari peristiwa di paguron Sokalima, Bale
Sigala-gala, hingga dadu yang berujung pada kekalahan hingga pembuangan mereka
selama belasan tahun di hutan.
Dikuya-kuya dan diupayakan agar tersingkir bukan membuat
Pandawa kian lemah ataupun binasa. Pandawa justru makin sentosa dan dewasa oleh
tempaan cobaan demi cobaan. Dukungan pun terus mengalir, mulai dari Prabu
Matswapati dan segenap anak-anaknya yang telah memberikan semacam suaka bagi
mereka.
Puncaknya, pada saat Baratayuda pecah, dukungan demi
dukungan terus mengalir. Bukan hanya dari mereka yang jelas-jelas berada di
kubu Pandawa, tetapi juga mereka yang berada di barisan Kurawa. Derita dan
kebaikan budi Pandawa rupa-rupanya telah menjadi pemantik empati bagi sosok
semacam Resi Bisma dan Prabu Salya, yang jelas-jelas keduanya maju ke medan
laga sebagai panglima perang bala Kurawa.
Tak pelak, walau secara wadak Pandawa senantiasa
dikuya-kuya, ndilalahe mereka selalu selamat dan nemu beja. Mereka pun akhirya
berhasil memenangi sebuah pertempuran dahsyat dan meraih kuwasa atas Astina
—sebuah negeri yang sebenarnya telah habis kekayaannya akibat ketamakan
Kurawa.
Begitu memesona kisah Pandawa hingga cerita-cerita yang
lebih baru, jika itu menyangkut lara lapa, menderita akibat dikuya-kuya, serta
bagaimana kemenangan dan kuasa teraih, selalu pantas menjadi rujukan.
Heroisitas Damarwulan —seorang pemuda dari desa Paluamba, yang mampu menembus
takhta Majapahit bahkan kemudian menggenggamnya sebagai Prabu Brawijaya, adalah
sebuah kisah yang nyaris semodel dengan jalan yang ditempuh Pandawa.
Ndilalah;
Untuk meraih kekuasaan, tentu harus dekat dengan kuwasa itu
sendiri, baik dengan ikut menggenggamnya maupun dengan minimal dengan dengan
yang punya kuwasa.
Dari sini bisa dipahami, mengapa Damarwulan rela menjadi
seorang pekathik di kepatihan Majapahit, padahal sejak dari desa ia ingin
menjadi prajurit. Meski hanya berada di kandang kuda, sesungguhnya ia telah
mendekatkan diri pada kuasa Majapahit. Dengan berada di sana, ia bukan saja
dapat bercinta dengan Anjasmara, putri Patih Logender, tetapi juga ikut
mendengar resonansi dinamika kekuasaan dari ring pertama Majapahit.
Begitu pula yang diupayakan Ken Arok. Demi menembus takhta
Tumapel, dan kelak Singasari, serta demi mengemban amanat dari para brahmana
yang dikomandani Dahyang Logawe, dia harus masuk dalam lingkaran kuasa Akuwu
Tunggul Ametung.
Bukankah para Pandawa, ketika berada dalam pembuangan di
hutan, juga telah menyamar sebagai abdi di lingkungan istana Matswapati.
Damarwulan, Arok, juga Pandawa, memang memiliki kesanggupan
untuk ber-lara lapa sekaligus kemampuan menahan diri untuk bersabar menanti
saat yang tepat buat bertindak. Namun di balik itu, tetap saja faktor ndilalah
dan beja sangat menentukan untu bisa melakukan mobilitas secara vertikal menuju
puncak kuwasa.
Ndilalah sinjang Dedes tersingkap lantaran diterpa angin,
sehingga Arok bisa melihat benda elok bersinar yang konon katanya di sanalah
sakti kekuasaan itu bersemayam. Ndilalah pula Ratu Kencanawungu mimpi sekaligus
mendapatkan wangsit bahwa seorang pemuda dari desa bernama Damarsasangkalah
yang bisa menyingkirkan musuh bebuyutan Majapahit, Adipati Menakjingga. Begitu
pula yang terjadi pada Pandawa. Sekalipun dialap pati di Bale Sigala-gala oleh
Kurawa, ndilalah ada garangan putih yang menyelamatkan mereka dari pembakaran
hidup-hidup.
Maka, ketika faktor dikuya-kuya itu bisa bertemu dengan
faktor ndilalah dan beja, di situlah sebenarnya wahyu kuwasa berada. Bukankah
alam perpolitikan kita secara riil, lima tahun yang silam, juga telah
meninggalkan pesan semacam itu. Terlepas apakah faktor dikuya-kuya itu sesuatu
yang benar adanya atau sekadar citra yang terbentuk.
Kini, dunia politik kita sedang didera oleh berbagai
persoalan berkait dengan pencitraan, tebar pesona, dan pamer prestasi. Hanya,
dalam alam pikir Jawa, sering muncul faktor penentu yang disebut ndilalah dan
beja tadi.
Akankah dua faktor itu untuk waktu yang terlalu lama lagi
akan menjadi penentu? Akankah makin banyak yang menanti tumuruning wahyu
ndilalah demi meraih puncak kuwasa? Atau, harus mendramatisasi sekecil apa pun
asalkan bisa menjadi pemantik kemunculan citra dikuya-kuya atau dizalimi.
Yang pasti, lebih banyak kisah dan sejarah yang mencatat,
sekalipun banyak yang berburu puncak kuwasa, tetap saja yang meraihnya, selain
kesinungan ndilalah dan beja adalah yang tak jauh-jauh dari puncak kuwasa. Ya,
ndilalah dan beja itu ternyata tak jauh-jauh juga tempatnya. Kalapun meleset
atau terpeleset, tak ke mana-mana pula meleset-nya. . ... He he he . . . Edan
Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga
Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Wis Tekan Jaman Wolak-walik:
ORA ngerti sangkan-paran, mak jegagik, kaya ngimpi awakku.
Ngimpi sing wis paro wengi, puspa tajem. Jebul, uripku iki wis mancik jaman
wolak-walik. Malik grembyang. Merga, akeh pimpinan sing kedanan lompong sethe,
nganti kawulane kudu mbalung pakel. Kawula, pijer kopong, ndomblong, njur
alok-alok hoseee. Hemm! Lha piye, ana priyayi sing udut, kang dimut malah nggon
genine. Iku bebasane pemimpin jaman wolak-walik. Jaman akeh sing kewalik
jagade.
Wis tekan jaman wolak-walik. Tekan janji suci, sajake.
Kadhang, ramalane pujangga ki kaya kojahe ki dhalang: ndamu murub, mancal
mubal, lan idu geni. Ramalane RNg Ranggawarsita kudu maujud. Ujare Ki Pujanga
Agung: â€Lamun wong-wong wis dha njupuki apa ta
apa seka papan jember, digawa menyang papan resik, dienik-enik,
disawang-sawang, mengko akeh wong sing kuwalik paningale.â€
Gagasen. Saiki akeh sing ngusung lompong seka papan jember,
diwadhahi pot pengaji mayuta-yuta, dipajang ing teras. Ana lompong sing regane
malik dadi yutan, dipajang ing kamar hotel, lan sapiturute. Piye wae, lompong
iku lemes, bisa alum. Lompong iku ora bakal awoh mutiara. Paling ngundang uler.
Tegese, barang sing seka jember iku, ya sok mung endah sawetara wektu, njur
malik klipuk, reged meneh.
Ayo, diakoni apa ora, mangga. Mitraku seka luar Jawa, merga
kudu sidhang ing Jakarta, disangoni yutan, akhire ing kutha gedhe ikugolek kemul. Lompong ta iki. Nggoleki kemul seka donya jember,
ora wurung dolanan lompong. Nuju sidhang ya mung kelingan lomponge, ngantuk.
Lha rak wis adoh seka janjine biyen. Jare dadi lancure negara, jebul mung
butuhe dhewe.
Tenan ora. Donyane priyayi kang (kudune) mimpin negara piye,
coba. Ana ta sing kudune dadi suh, malah nyebar rerusuh. Priyagung sing biyen
cedhak lumbung, ana sing mbambung, rak wiwit kewolak-walik ta? Lire, kudune
para pemimpin mau melu udhu urun ngiseni lumbung, saiki wis akeh sing wiwit
nawu lumbung. Akeh para pemimpin sing malah katut usung-usung lumbung, kanthi
korupsi, suap, beteke biyen anggone ngrebut kursi ya ngono, golek pepulih..
Tobat-tobat, soto babat campur trasi. Akeh pejabat sing saya
nekad, saya kedanan kursi. Lhadalah! Tobil-tobil anak kadhal ngoyak anak cecak.
Negarane dhadhal, yen akeh sing sawiyah-wiyah. E, bojleng-bojleng tenan kok
donya nuswantara iki. Wong cilik sing biyen lungguhe dhingklik, oglak-aglik,
saya mendelik. Wis tekan jaman wolak-walik iki. Akeh sing bingung ,
kewalik-walik pandelenge. Wis kepenak, njaluk kepenak.
Yen biyen, ana sing kuwat ngugemi gegebengan pemimpin Astha
Brata, saiki sapa sing kuwat. Nglengkara. Najan konsep iki sok
digembar-gemborke calon pimpinan, ning sok mung turah lambe. Uga ana cekelan
pimpinan sing luwih sethithik, yaiku Tri Brata, emane ya wis dha dilalekake.
Cekelan Tri Brata, nuduhake pimpinan sing ora mung ndopok thok. Yaiku, pimpinan
kudu nganggo watak (1) tanu brata, (2) ranu brata, lan (3) manu brata.
Tanu brata, iku watak (brata utawa laku) wantune pimpinan sing
kaya tanu (godhong). Tegese, godhong iku kayadene lelagon Ilir-ilir, ijo
royo-royo. Bisa ngayomi, mayungi, lan ngayemi. Godhog iku patrape alus,
ledhung-ledhung, endah yen dinulu. Dheweke bisa asah asih asuh marang kawulane.
Njur, kapan olehe bisa ngayomi, menawa golek adil paramarta wae angel.
Kasus-kasus sing nyenggol wong dhasenan, nyatane mak plenthus. Perang mahasiswa
nolak BHP, kawula nolak digusur, rakyat nolak PHK, lan liya-liyane akhire dha
penthung-penthungan.
Ranu brata, iku bratane pimpinan sing kaya ranu (banyu).
Banyu iku watake anyep, menehi rasa adhem. Banyu uga terus ngenggoni ngisor,
andhap asor. Banyu uga ngrejekeni. Luwih-luwih sing jeneng udan, tanpa pilih
kasih. Banyu iku pimpinan sing bisa manjing ajur-jer, tur alus. Mula, ana unen-unen
lembut ngungkuli agal ngungkuli gunung. Tur meneh, banyu iku nguripi. Tumraping
iwak, jelas nikmat ing banyu. Apa ana pimpinan sing kaya ngene iki, sewu siji
mbokmenawa.
Manu brata, iku watake pimpinan kang manu (meneng). Manu
ateges prihatin. Manu, uga asring nunggal misah karo manuhara. Tegese,
nyenengake, ngelam-lami. Pimpinan kang nganggo watak manu, iku gelem nengenake
tapa brata. Anggone ngembani negara srana alus, nengsemake, ora grusa-grusu,
beteke sruwa-suwi lambaran alusing budi. Pimpinan sing dhemen olah tapa, kayata
tapa ngrame, tapa mutih, tapa mbisu (mona), anggone mimpin cukup nganggo
pasemondhupak bujang esem mantri semu bupati
sasmita narendra. Kanthi mangkene, empan papan, sarwa ditrapake kanthi wijang,
ora wor suh.
***
SATEMENE, calon pimpinan iku ora uwal seka padatan saben
dinane. Yen saben dina kulina urip resik, mimpin uga resik. Gampange wae, yen
kulinane mangan keclap, sendhoke kluthak-kluthik, tur jegang sisan, iki dadiya
pimpinan sok clekopan thok. Sugih omong ning kothong. Dheweke sok wit gedhang
awoh pakel, omong gampang ning buktine angel. Malah yen wis kepengkok
pancabaya, kewiyak wadine, isih mencak-mencak, arep selak. Iki genah kena
dayane jaman wolak-walik. Sing ijo bisa dadi abang. Lompong bisa
dibopong-bopong. Najan wis ana sing mbalung pakel, tetep njangan gori. Ndableg.
Tumrap kadang-kadang sing kulinane turu njingkrung, modhel turu
urang, tur ngorok pisan, iki dadiya pimpinan uga sok ati dhondhong. Lire, njaba
alus, omonge kaya mentes-mentesa, manuhara, jebul njerone ting srongat ora
karuwan. Ngerti dhewe ta, urang kuwi awake bengkong terus, nganti wis digoreng
tetep bengkong. Mbokmenawa, merga utege kurang landhep. Senengane, akeh bab
sing ditutup-tutupi, njingkrung krung, kareben slamet dhewe. Tur meneh, ana ta
unen-unen supit urang? Wow, medeni, yen wis nyapit, durung pati-pati pethal,
yen durung metu getihe. Cekak cukupe, dheweke seneng njoged ing banyu bening,
ning uga ndhelik ing ngisor watu.
Pimpinan ngono iku persis kaya unine lelagon Aja sok gampang
dadi wong manis, jebul amung lamis.Katone,
urang iku endah, manis, ning jebul sok kebak lamis. Mula seka kuwi, yen pengin
duwe turun kang bakal dadi pimpinan agung ing nuswantara, kulinakna wiwit seka
padatan mangan lan turu. Yen anggone mangan wis ora trapsila lan olehe turu
kurang becik, yen dadi pimpinan bakal ndrawasi. Sing mbilaeni, yen nganti
dheweke kuwi ngedhekake aluamah, uripe mung nggedhekake puluk, pijer mamah kang
diudi korupsi bakal ndadi. Bakal akeh lompong dikrobong-krobong, jebul isine
mlompong.
Jiwa pimpinan uteg urang, uga pancen reged, kudu dikumbah.
Yen dienengke wae, dheweke bakal duwe gegebengan madhep ngalor sugih, njangkah
ngidul sugih. Aji mumpung bakal ngembangi utege. Yen wis ngono iku, njur carane
mimpin negara mung sluman-slumun slamet. Waton wudele dhewe slamet. Iki gandane
pimpinan sing pijer sekuthon, pidak jempol, akhire ngglendem. Samengko, dhemen
nglelithing lompong, dolanan bokong, moh medhun seka kursi. O. alah bapak
balung pakel, najan akeh sing alok (reged) tetep ngeyel. Lompong mlebu ngomah,
jane cen ompong wegah salah! Huuu! . ... He he
he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar