Lampahipun Nyi Roro Kidul ing Kabudayan Jawi:
KAGEM sutresna basa tuwin sastra Jawi, keparenga kawula
sumela atur sawetawis. Nyuwun gunging samodra pangaksami menawi wonten atur
kawula ingkang mboten mranani penggalih utawi natoni manah panjenengan sedaya.
Sejatosipun sastra Jawi sampun lengser duk nalika aksara
Jawi mboten dipun-ginaaken malih, lan kasalin aksara Latin. Ing ngriku, dados
wonten ingkang ewah, ingkang ical. Kadosta ungelipun ”o”, ”-a”, ”a”, dados
kisruh. Luntur ugi, filosofi ingkang ngrengku aksara kalawau. Mboten wonten
pangku ingkang mateni.
Nalika samanten tasih wonten pangajeng-ajeng bilih sastra
Jawi mawi aksara Latin bakal ngrembaka. Lumintu saking lan dening majalah,
buku, tuwin sesrawungan utawi piwulang ing sekolahan. Nanging saya dangu
kahananipun inggih saya nglangut kadidene ”susuhing angin”, kadidene ”dog
amun-amun”. Katon wonten ing panyawang, nanging ilang sak nalika dipun cedhaki.
Manawi sakpunika tasih sutresna ingkang prihatos, ingkang
nandhang luh cintraka, inggih punika priyantun ingkang ngugemi saestu datang
sastra Jawi, inggih punika priyantun ingkang linuwih ing kasetyan. Pejah gesang
ndherek sastra Jawi. Kawula ngaturaken sungkem, ngurmati panjenengan ingkang
linangkung ing zaman. Kedah wonten ingkang makaten.
Panci mrihatosaken, nanging sejatosipun ”Kabudayan Jawi”
mboten namung wonten ing basa, ing aksara, ing pocapan kemawon. ”Kabudayan
Jawi” langkung ageng, langkung wiyar tebanipun, langkung sekti mandraguna,
langkung ajur-ajer tinimbang kaliyan basa utawi sastra, utawi keris, utawi
keris, utawi blangkon tuwin selop, utawi gebyog, utawi kembang setaman. Sedaya
kalawau punika namung woh, ron, utawi kembang. Ingkang saged ngrembaka ing
sajroning zaman kelakone. Ingkang dados wos, ingkang ndadosaken sedaya ron, woh
tuwin kembang punika inggih punika oyod kabudayan Jawi. Inggih punika ingkang
katelah Kejawen, dening mbah buyut. Sejatosipun kejawen punika ingkang dados
suksma sejati. Suksma ingkang bade ngrembaka, tuwuh lan tuwuh malih, najan to
ketinggalipun malih rupa.
”Manuk Gusti”
Keparenga kawula ngunggak kabudayan sanes, ingkang dipun
tengeri Kabudayan Semit. Punika budaya ingkang dipun agem bangsa-bangsa Semit
wonten Timur Tengah. Sareng kaliyan wolak-waliking jaman sarta kasrambahan budaya
sanes, budaya Semit katelah budaya Yahudi, lan salajengipun budaya Kristen,
kalayan Islam. Kapitadosan —antawisipun— dhateng Gusti Panguwasa Jagat ikang
dipun wastani YHWH (amargi mboten kepareng dipun sebat, najan wonten ingkang
nyebat Yahweh)— ingkang satunggal, dados kapitadosan meh sedaya umat ing donya.
Kita nampi agami, nabi, Gusti, kitabipun, lumantar budaya Semit kala wau,
ingkang mathok paugeran agami pinangka syarat-syaratipun.
Ing babagan punika, budaya Jawi gadhah paradigma ingkang
benten, inggih punika ingkang kasebat ”Manuk Gusti”, utawi ”Manunggaling Kawula
Gusti”. Punika konsep, filosofis, jejer,
ingkang saestu benten —najan to mboten kedah dredrah lan mungsuhan. Benten,
nanging mboten sulaya. Sedaya kala wau sampun dados sesanggeman, dados jejer
ingkang ajur ajer, nalika srawung kaliyan agami utawi budaya Hindu, Buddha,
utawi sanes-sanesipun, wiwit jaman ja-mbejuja ngantos dinten punika.
Kawula nginten bilih konsep agung ”Manuk Gusti”, wewujudan
Kedjawen ingkang jenius, ingkang kampiun, ingkang ”mbrojol sela-selaning garu”,
ingkang waskita, ingkang saged nggathukaken bab-bab ingkang suci, sakral,
kalian kahanan urip saben dina. Kula kinten, dereng nate mireng, panyandra
Gusti Kang Murbeng Jagad tuwin umat kadosdene , ”curiga manjing warangka”,
ingkang sumanak, enak, ruwin ngangeni.
Jumat Kliwon;
Suksma sejati saking Kejawen punika sampun wiwit
kina-makina, mawujud rikala paraga Panakawan melebet ing pawayangan. Saknalika,
wayang —kathah ingkang mastani saking India— dados benten. Panakawan —saged
Semar, Gareng, Petruk, Bagong, utawi Togog, Mbilung utawi katambahan Limbuk,
Cangik— ndadosaken rakyat pidak pedarakan dados mulya. Ngungkuli para dewa-dewa
ing Kahyangan Jonggring Saloka. Malah kepara lakung gecul, amargi dewaning-dewa
Hindu, kenger dening —nuwun sewu—entutipun (ana jenenge ora ana rupane) Semar
(ora lanang ora wadon).
Punika sanggit ingkang linangkung agung. Ingkang tasih
”tumimbal lair” rikala Kanjeng Sultan Agung Hanyokrokusuma ”ngrabekaken”
petangan kalender Hindu, Jawi, Islam dados setunggal ing tanggal 1 Sura.
Pananggalan sakdonya remek ical dening petungan pananggalan Masehi, nanging
etungan pasaran Pon, (Wage, Kliwon, Paing,Legi) tasih sanget dipun ginaaken.
Malah kepara pinunjul, amargi saged mbedakaken wigatinipun dinten Jumat
setunggal kaliyan sanesipun.
Punika saestu sanggit ingkang nggegirisi, jer petungan Jawi
tasih kasebat, saged urip bebarengan kalian pananggalan Masehi utawi petungan
sanesipun.
Panginten kawula, sanggit ingkang sami maujud mbotenipun
selop —sepatu Walanda ingkang iris wingkingipun, gampil dicopot kangge mlebet
Keraton, surjan— jas ingkang krowok kangge ngetingalen keris, lan
sapanunggalipun.
Nyi Roro Kidul;
Manawi yektos makaten, punapa sejatinipun suksma sejati
Kejawen punika?
Benten kaliyan pamanggih manca ingkang sarwa pratitis damel
definisi, Kejawen mboten saged dipun watesi, mboten saged kinunjara: o, kuwi
ngene, ora ngono. Amargi Kejawen punika suksma, ingkah tasih gesang. Ingkang
tansah tumimbal lair, ingkang nitis lan nitis malih, ingkang tansah maujud
malih lan malih lan malih. Ing pocapan, inggih punika ingkang kawastanan
”ngono, ning ya aja ngono”.
Wonten conto ingkang nglegena. Upaminipun wonten —utawi
mboten wontenipun,— Nyi Roro Kidul, punapa kemawon sebabatanipun. Meh sedaya
tlatah ing pinggir seganten, wonten mithos lan cariyos Nyi Roro Kidul. Nanging
rumaos kawula, namung cariyos Nyi Roro Kidul ing Jawi ingkang luhur wiwit mula
buka.
Sawijining putri ingkang nedya lestantun, ngrewangi para
raja kangge kamakmuran bangsa, malih rupi dados ”lelembut”, dados ”paraga
lembut”. Amargi namung punika margi supados lestantun, salami-lamipun, sareng
umuring jagad.
Punapa Nyi Roro Kidul, yektos wonten? Utawi namung carios
ngayawara?
Sedaya kalawau mboten wigatos malih, mboten kedah wonten wangsulan
ingkang baku, utawi namung setunggal.
Semanten ugi kejawen. Wonten utawi mboten wonten sastra
utawi basa Jawi, keris, blangkon, selop, kembang setaman, macapatan, mboten
wigatos malih. Sauger tasih wonten manungsa ingkang kempal sareng, ngrembag,
nguri-uri, ngembakaken, tasih wonten ingkang saged nyawang wontenipun ”dog
amun-amun”. Saged ngraosaken wonten ”susuhing angin”, saged ngraita ”sangkan
paraning dumadi”, saged ”keplok tangan
kiwa”, saged ngudarasa kaliyan sesami.... He he he . . . Edan Tenan. Salam
Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar