APA bener wong Jawa iku bakal ilang Jawane? Ilang Jawane
tegese ilang sifat-sifat lan kepribadian kejawaane. Yen wis ilang Jawane
kaya-kaya ya wis dudu wong Jawa maneh. Banjur wong Jawa iku dadi wong sing kaya
apa? Wong Jawa diarani Jawa amarga nduweni sifat lan ciri-ciri tinartu.
Upamane: wong Jawa iku basa ibune basa Jawa, kesenian, tradisi lan kabudayane
tradisi, kesenian, lan kabudayan Jawa. Lha nek wis ora bisa basa Jawa, ora
ngerti tradisi lan kesenian Jawa, ora tepung karo kabudayan Jawa, “gaya
hidup”-e wis ora kaya salumrahe wong Jawa, apa ya isih bisa diarani wong Jawa?
Rehne anak-putune wong Jawa, mesthine ya tetep wong Jawa.
Sifat-sifat kang tumurun marang anak-putu bisa dibedakake dadi rong werna,
yaiku warisan biologis lan warisan sosial utawa kabudayan. Satemene sing bisa
diwariske langsung iku ya mung warisan biologis. Rehne turune wong Jawa ya
nduweni sifat fisik lan biologis kadideme wong Jawa, upamane: kulite nyawo
mateng, rambute ireng lurus, irunge rada pesek, lan liya-liyane. Dene warisan
sosial iku warisan sing bisa diwarisi srana sinau utawa liwat sosialisasi.
Tanpa sinau utawa srawung karo padha-padha wong Jawa, ya ora bisa basa Jawa,
ora tepung karo kesenian Jawa.
Warisan biologis iku wis kunandhut ana gen utawa bibite.
Rehne bibite wong Jawa, ya marisi sifat fisik dalah potensi-potensi mental
Jawa. Wong Jawa sing digulamenthah lan digedhekake ing kulawarga manca mung
oleh warisan biologis, ora oleh warisan sosial.
Lha gambarane wong Jawa sing wis ilang Jawane iku ya sing
kaya ngono mau. Nanging keh-kehane wong Jawa sing urip ing satengahe bangsa lan
kabudayaan liya, ya isih padha ngleluri kabudayane leluhure, upamane wong Jawa
kang dedunung ana Suriname, wong Jawa sing daerah-daerah transrnigrasi ing
luwar Jawa.
Basa lan kabudayaan Jawa iku tansah ngrembaka lan owah-gingsir
nuting jaman kelakone. Kabudayaan Jawa iku perlu diuri-uri supaya lestari lan
isih tetep dadi warisan kanggo anak-putu, mung bae kabudayaan mau besuke mesthi
wis beda karo kabudayaan Jawa saiki, nanging ora ateges menawa wong Jawa banjur
ilang Jawane. Ya mung “Jawane” wong Jawa besuk mbokmenawa wis beda karo
“jawane” wong Jawa saiki.
Pancen ana bae wong Jawa sing ora njawani, sauger wong Jawa
iku isih ana, kajawaane mbokmenawa uga tetep isih ana, Dadi, tetembungan “wong
Jawa ilang Jawane” ora bisa disurasa kanthi wantah bae. Sing genah keiawaane
wong Jawa iku owah-gingsir nuting jaman kelakone. Pamiara lan panguri-uri iku
perlu, nurih kajawaan mau ora adoh mlencenge. ”... He he he . . . Edan Tenan.
Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar