PANGGUNG drama politik kita katon saya melodramatis. Sansaya
gawe ngenes lan nggrantes. Sansaya ngelingake sapa wae manawa jroning politik
tansah kebak kewengisan lan tragedi agung. Ateges, tansah ana dhalang sing
nggelar lakon ngenes, apa pancen ngenes lan nggrantese iku saka wohing
panggawene dhewe?
Rasa sedhih sing matumpa-tumpa lan abot sanggane, bisa
marakake ngenes. Panjangka sing tansah cabar lan tangeh kelakone, bisa marakake
nggrantes. Akumulasi ngenes lan nggrantes mung dadi tlundhakan tumuju cutheling
pengarep-arep. Mangka uruping urip mung ana ing pengarep-arep!
Sekawit, mbokmenawa mung gela. Dene jalarane gela bisa
maneka warna. Nanging intine ora kelakon sing dadi gegayuhane, mleset saka sing
dadi pengarep-arepe. Kuwi kira-kira sing dadi cikal bakale ngenes.
Lelakone Danapati;
Sekawit Danapati mung bisa nggrantes, amarga tresnane marang
Dewi Sukesi dianggep mung kandheg ing pepigginan. Sebab, mokal bisane dheweke
minangkani pamundhute putrine Prabu Sumali kuwi.
Yen mung ngalahake pamane Sukesi, aran Patih Jambumangli,
kanggone Danapati sing uga kesinungan kasekten, mesti bakal dilakoni. Nanging
yen kudu mbabar sejatine Sastra Jendra Hayuningrat, tumrap Danapati sengara
kelakone.
Tumrape Danapati, aja maneh kok mbabar, krungu arane wae
lagi kuwi. Mula senajan dikaya ngapa katresnane marang Dewi Sukesi, raja mudha
iku mung kudu meper marang sekabehing pepinginan.
Nanging pranyata uga ora gampang anggone meper, jalaran
palakrama karo Dewi Sukesi tumrape
Danapati ora mung pepenginan, nanging wis manjelma dadi prasetyaning ati.
Dienthengke patine tinimbang ora bisa mengku wanita sing kanggone dheweke ayune
ngungkuli widadari kuwi.
Jebul ramane, Begawan Wisrawa nyumurupi manawa putrane lagi
nggrantes. Mula kanggo mberat panandhanging ati mau, sang Begawan arsa
nyarirani pribadi, nglamar Dewi Sukesi kanggo putra kakunge sing banget
ditresnani.
Mesthi wae Wisrawa uga wis nglenggana manawa ”ndhodhog kori
nginang jambe suruh” iku bebasan ”golek banyu apikulan warih, golek geni
adedamar”. Lire, bisa nglamar Sukesi yen nduwe sangu arupa kawruh Sastra Jendra
Hayuningrat. Nanging anane sageh, mesthi kabeh mau wis kajiwa kasarira. Ora
maido, jer Wisrawa mono jejere begawan sing wis buntas salwiring reh.
Sang Begawan banjur budhal, diuntabake dening
pengarep-pengarepe Danapati. Pengarep-arep sing maone mung dadi panggrantes,
bareng karo lakune Wisrawa pindhane bakal ”suwe mujet wohing ranti” kelakone.
Kira-kira ngono batine Danapati.
Pancen akhire Wisrawa kelakon nglamar Sukesi. Wisrawa kuwawa
njlentrehake werdine Sastra Jendra Hayuningrat, nanging Begawan sepuh mau jebul
gagal jroing laku, laku Sastra Jendra.
Sukesi sing kudune dilamar kanggo putrane, malah dialap
dhewe. Jroning sepi, nalikane mbabar ngelmu siningit mau, jebul sing ana amung
lali. Wisrawa kudune diajap dadi putri mantu, nanging nyatane malah dirasuk
dhewe.
Sapa nandur gundhuh, sapa nyilih mbalekake! Ing anggane
Dewi Sukesi, Wisrawa pranyata nandur winihing nepsu, bibiting angkara. Jroning
saresmi klawan Sukesi, Wisrawa temene amung ngrampas pengarep-arepe putrane
dhewe. Mula tundhone, dheweke kudu mbalekake kabeh mau. Wisrawa kudu ngundhuh
wohing panggawe.
Ora mung Danapati sing banjur nerusake panggrantese, nanging
ing sisaning umur, Wisrawa kudu mungkasi uripe kanthi kebak rasa ngenes. Ngenes
merga pokale dhewe.
Lelakone Drona;
Mula, jroning kahanan sing kaya mangkono, apa sing banjur
kudu ditindakake? Kelem karoban ing kesedhihan, tragedi, lan kengenesan? Utawa
”memasuh malaning bumi” kanthi gawe cabare lakon sing lagi dirantam dening
dhalange kaanan? Sebab, pancen ora mokal, kaanan sing lumaku iki temene ana
sing nyutradarani. Merga pancen ana wae dhalang sing pancen hobine nggelar
lakon-lakon sing tragis, ngenes, lan gawe sing nonton saya nelangsa.
Upamane ora ana sing ndhalangi, ora bakal kelakon Drona mati
ngenes kaya mangkono ing palagan Kurusetra. Sebab, yen bab kasekten, pandhita
Sokalima mujudake gurune wong perang, kedhunge kasekten. Dene yen bab
kawaskithan, ora ana loro ing jagading wayang kang bisa nuduhake dununge kayu
gung susuhing agin lan tirta pawitra suci marang Bima, kejaba Drona.
Mula, ing medhan Kuru, sapa maneh sing bakal kuwawa ngadhepi
Drona ya Kumbayana. Yen mung kanthi cara lawaran, mesti ora bakal ana sing bisa
nandhingi. Drustajumena?
Drustajumena pancen wis pinilih kanggo nandhingi sang
Pandhita. Nanging mesthi ora bakal nggandra sepiraa. Mula, Kresna minangka
botohe Pandhawa banjur gawe rekadaya amrih ringkihe Drona. Drona kudu digawe nggrantes,
Drona kudu digawe ngenes. Yen wis nggrantes, yen wis ngenes, lagi ditandangi.
Kresna nyumurupi manawa Drona banget tresnane marang putra
siji-sijine: Aswatama. Kresna banjur utusan mateni gajah aran Hestitama. Marang
barisaning Pandhawa, Kresna prentah supaya disebarake kabar manawa Aswatama
mati.
Kabar-kabar mau keprungu tenan dening Drona. Salah sijining
sanggit crita nyebutake, merga krungu kabar mau dadi kekes lan nggrantes atine
senapatine Kurawa kuwi. Nanging sanggit cita liyane nyebutake, kekes,
nggrantes, lan ngenese Drona merga Pandhawa, luwih-luwih Yudhistira, sing
temene putra murid sing banget bektine marang dhewe jebul uga gelem goroh.
Ngapusi gurune dhewe!
Jroning ati kekes, jroning ngenes, mesthi ilang otot
bebayune Drona. Tumrap Drestajumena, ora pelu ngenteni luwih suwe, jroning
swasana mangkono dheweke banjur nyampurnakake Drona. Pandhita Sokalima ngemasi.
Apa piwulang sing bisa dipethik saka crita loro mau? Ilange
kawaspadan. Merga kurang waspada, gampang lal. Merga kurang waspada, gampang
dipaeka denin liyane. Thukule nggrantes, thukle ngnes, temene uga aka awake
dhewe.
Anane nggrantes, anane ngenes merga saka rumangsa wis entek
pengarep-arep. Kudune tetep ana pengarep-arep supaya ora nganti nggrantes.
Kudune isih ana kewanen kanggo tumandang mberat sakabehing kesedhihan supaya
ora nganti ngenes. Kuwi prasyarat urube urip, supaya ora nganti mati ngenes. ...
He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu
Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar