WONG EDAN BAGU

WONG EDAN BAGU
SALAM RAHAYU kanti TEGUH SLAMET BERKAH SELALU DARI WONG EDAN BAGU UNTUK SEMUA PARA PENGUNJUNG BLOGGER PESONA JAGAT ALIET . . . _/\_

Senin, 09 Juni 2014

Ora Ana Angka sing Ala!

KENA-KENA wae padha nduwe keyakinan manawa ana angka sing nggawa hoki. Kena-kena uga padha ora percaya manawa ana angka sing njalari kesialan. Nanging petung cara ngendi wae bisa dadi ora ana tegese yen pembenaran tumrap angka sing ditampa luwih ditengenake.

Sumangga disemak maneh pratelane para pasangan calon gubernur Jawa Tengah nalika entuk nomer urut calonan saka pengundiane Komisi Pemilihan Umum Daerah, durung suwe iki.

Pasangan Sukawi Sutarip-Sudharto kang dicalonake Partai Demokrat lan PKS entuk kesempatan sepisanan njupuk nomer undian. Pasangan iki entuk nomer urut 3. Apa pratelane? Telu iku mapan ing tengah. Saben mripat mesthi weruh sauger mbukak kertas swara.

Sabanjure Agus Soeyitno-Abdul Kholiq Arief sing dijagoake dening PKB entuk kesempatan kaloro kanthi nomor urut 2. Loro iku victory. Kemenangan, mengkono pasangan mau negesi.

Dene duet Muhammad Tamzil-Abdul Rozaq Rais, sing dicalonkan dening PPP lan PAN lan entuk giliran katelu, nganthongi nomer urut 5. Lima iku keri-keri. Sing wis-wis, nomer pungkasan iku malah sing menang.

Pasangan Bambang Sadono-Muhammad Adnan sing dadi jagone Partai Golkar entuk gilirane sabanjure. Pasangan iku entuk nomer urut 1. Siji gampang dieling-eling, ucape Bambang.

Bibit Waluyo-Rustriningsih sing ajokake dening PDIP mujudake pasangan sing keri dhewe gilirane njupuk nomer. Mesthi wae ora ana pilihan liya, kejaba njupuk kertas sing ing jerone tinulis angka 4. Papat iku kursi. Dadi, wis pas kuwi, pratelane Bibit.

Kena wae Panjenengan ngarani kabeh mau mung waton muni utawa dipek benere dhewe. Kena. Nanging temene ing suwalike pratelan-pratelan mau, gampang didumuk motife. Tumrap dhiri pribadi, iku mujudake motivasi, saora-orane kanggo ngeyem-yemi. Kejaba saka iku uga mujddake pengarep-arep. Dene saking gedhene pangarep-arep, mula kekurangan apa wae upamane ana” banjur bisa diowahi dadi keunggulan utawa nduwe nilai positif.

Tumrap wong liya, pratelan mau temene uga minangka persuasi. Persuasi supaya wong liya padha kengguh utawa kepranan, satemah nindakake jumbuh karo sing dikarepake pasangan kasebut.

Ewasemono, ing sewalike pratelan mau sejatine ana pengakuan manawa angka kang dadi nomer urute calonan temene dudu tandha sing tanpa teges. Angka dianggep (wis) nduwe teges, mula banjur dianggep perlu ditegesi (maneh) utawa teges sing wis ana lan lumrah dingerteni dening masyarakat dikukuhake. Nanging kabeh mau tetep malik marang pertimbangan siji iki: anggere tibane nguntungake awake dhewe.

Senajan upaya negesi angka iku bisa beda antarane wong siji lan sijine, antarane golongan siji lan sijine, klebu antarane bangsa lan sijine, temene kabudayan kang gepok senggol karo angka iku mujudake gejala sing asipat universal. Tegese, ora mung duweke wong Wetan wae, uga dudu duweke wong Kulon wae.

Tinggalane Pythagoras;
Angel ditlesih kathi gumathok wiwit kapan fenomena kapercayan marang kekuwatan angka lan becike mau thukul. Nanging, Pythagoras kang mujudake sawijine seniman, filsuf, lan uga guru saka abad ke-6 sadurunge Masehi, kanthi ora langsung wis jumurung marang pendhereke nglairake pemahaman anyar, yaiku numerologi.

Pythagoras duwe panemu manawa alam sambung rapet karo matematika. Dene sembarang kalir kang ana ing sajerone mujudake angka. Kanthi ngonversekake saben unsure alam dadi angka, upaya kanggo mahami sifat alam raya uga banjur saya gampang.

Kanthi cara iki, bisa ditemoake urutan lan keteraturan ing suwalike maneka sipat liar fenomena alam lan chaos kang ditimbulake. Uga maneka warna pengaruh apik saka jaba sing uga dirasaake ing saben wong.

Prinsip Pythagoras, sing sabanjure ngrembaka dadi dhasare numerologi Kulon, cenderung milih angka kanthi tetimbangan jumlah variasi sing tanpa winates. Meh padha karo fenomena alam. Mung wae, angka nduwe sipat keteraturan sing logis.

Implikasine, manungsa sing uga perangane alam atages samurang uripe sing nglimputi, kayadene karakter lan takdire, uga bisa dipratelaake kanthi angka, sing banjur dadi salah siji ing antarane prinsip dhasar numerologi. Numerologi ora mung digunaake kanggo nemtokake watak lan nasib, nanging uga supaya wong bisa nglakoni dalane urip kanthi luwih gampang, gangsar, lan kasil sedyane.

Ing tradisi Jawa, kanthi kawruh petung, primbon, lan pawukon lan sabangsane, numerologi entuk papan kang murwat. Kapara, yen ditandhingake karo petung ngendi wae, petung Jawa kegolong luwih dening jlimet. Iku durung yen ngelingi anane aneka warna versi.

Nah, yen nggatekake marang manekawarnane versi, ateges maknani angka iku pancen ora tunggal. Fenomenane bisa padha, nanging ketemune angka bisa beda. Semono uga angkane bisa wae padha, nanging olehe negesi lan merdeni tibane slenca.

Yen mangkono, angka sing manut sawijine kalangan iku mengku teges ala, ing kalangan liya bisa tiba kosok balen. Angka kang ing kalangan sijine dianggep apik, ing kalangan liyane maneh ala.

Angka pancen bisa dadi cekelan. Nanging kebutuhane masyarakat modern marang cekelan-cekelan ing satengah-tengahe arus sarwa ora mesthi, rasa ora percaya marang kekuwatane dhewe, marang masa depane, jalaran mengkono cepete kahanan bisa ngalami owah gingsir.

Nanging, kanthi nggatekake manekawarnane paham mau, cetha manawa kabeh angka kuwi nduwe potensi apik. Ora ana angka sing ala. Sebab, ala lan becik iku ora gumantung ing angka iku dhewe nanging uga uga niyat kang mengkoni.

Cetha, numerologi iku digawe ora kanggo meden-medeni marang sing percaya lan gelem ngecakake. Numerologi genah kanggo nyiptaake rasa tentrem. Mula sing luwih wigati, mesthi wae, kepriya nanggapi angka-angka sing ana kanthi optimistis bebarengan karo nyawang apa wae kanthi positif. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan

Tidak ada komentar: