WONG EDAN BAGU

WONG EDAN BAGU
SALAM RAHAYU kanti TEGUH SLAMET BERKAH SELALU DARI WONG EDAN BAGU UNTUK SEMUA PARA PENGUNJUNG BLOGGER PESONA JAGAT ALIET . . . _/\_

Senin, 09 Juni 2014

Supaya Ora Getun Keduwung Tiba Buri:

NALIKA "sing dikudang mrucut saka embanan", sing ana mung rasa getun. Nalika sing diangen-angen, kasunyatane tiba ing kosok balen, sing kari mung rasa keduwung. Bareng karo kuwi, pol-pole kedale lisan ya mung bisa, "Ngertiya ngono...."

Wis akeh conto ngenani bab kuwi, keri-keri iki. Bocah sing bebasan durung ilang pupuk lempuyange, sing mengkone digadhang-gadhang bisa nyambung sejarahe wong tuwa, bisa mikul dhuwur mendhem jero, jebule tega ngendhat tali murda amarga rumangsa ora saguh nampa panyendhune liyan awit ora lulus ujian. Ya, perkara sing temene empreh lan ora angel digolekake dalan liya, nanging dianggep minangka pratandha wis kiyamat lan enteke pengarep-arep.

Ana maneh bocah sing dianggep meneng, mbangun miturut marang wong tuwa, lan tata trapsilane ora kurang ing saben dinane, nanging nyatane mentala tumindak culika. Utawa, bocah wadon sing ing tata lair nduwe patrap kaya mangkone, jebule nyolong pethek: durun omah-omah wis kudu "nggendhong bocah".

Kabeh mau, mesthi wae ora mung njalari rasa dhuhkita tumrap wong tuwane, nanging uga rasa cuwa sarta getun-keduwung. Getun, yagene nganti kecolongan ilange masa depan tumrap si bocah.

Nanging yen wis kebacut, arep dikapakna maneh. Ibarate sega wis dadi bubur, sengara bisa baline. Apamaneh yen pancen wis ginaris ora gelem "dimong" maneh. Aluwung ngempakake patrap kaya kang kaweca ing Wedhatama: "lila lamun/ kelangan nora gegetun/ trima yen kataman/ saserik sameng dumadi/ trilegawa nalangsa srah ing Bathara".

Sabar, narima, lan lila legawa, klebu mupus marang pepesthen linambaran pasrah sumarah mring purbaning Kang Kuwasa, pancen patrap kang luwih dening utama tinimbang tumindak-tumindak liya kang bisa gawe kapitunan. Kapitunan tumrap dhiri pribadi, apa maneh kapitunan tumrap liyan. Kapitunan sing tundhone malah bisa nuwuhake rasa getun keduwung liyane.

Nanging rasa cuwa, getun, lan keduwung iku anane dudu tanpa sebab. Ora bisa, tanpa udan-angin ibarate, ujug-ujug getun, apa maneh dumadakan rumangsa keduwung.

Mulane sebab musabab thukule rasa kasebut prelu ditlesih, perlu diwiyak, sarta dingerteni. Pamrihe, kejaba kanggo ndunungake dhodhok selehe perkara, uga kanggo pancadan ing tembe buri supaya ora bakal mbaleni maneh, ora bakal cuwa sarta getun-keduwung sing marambah-rambah.

Nanging luwih saka kuwi, getun keduwung tiba buri iku yektine tanpa piguna. Ora ana paedahe, kejaba mung nglelara ati, yen ora malah gawe swasana sing wis ora nyenengake dadi sangsaya ora karu-karuwan. Banjur?

Antisipatif;
Ana unen-unen "sapa nandur ngundhuh". Apa kang saiki kapethik, temene mujudake woh saka tandurane tumindak sadurunge, embuh akeh embuh sethithik; embuh gedhe embuh cilik. Tandurane dhewe, dudu tandurane sapa-sapa, mula ora prelu ngluputake sapa-sapa kalamun wohing tanduran iku jebul ora nyenengake ati.

Mulane uga, supaya sing thukul lan ngrembaka iku dudu woh kang arupa gela , getun, sarta keduwung, sabarang kalir kang bisa ngloropake mrono, prayoga diendhani sarta didohi.

Pancene ana prakara-prakara kang dadi kekerane jagad, luwih-luwih ing babagan rejeki, jodho, lan tibane pepesthi. Ewasemono, manungsa tansah diwenangake mbudi daya. Mbudi daya amrih uripe luwih apik, mbudi daya amarga Gusti temene ora bakal ngowahi nasibe bangsa utawa manungsa sauger bangsa utawa manungsa kasebut ora nduwe krenteg kanggo ngowahi dhewe nasibe.

Semono uga gegayutan karo rekadaya amrih ora cuwa-gela sarta getun-keduwung tiba buri. Waspada, awas, sarta eling ing sabarang kalir, senajan keprungu wis klise tembung-tembunge ing jagad "Jawa", nanging yektine dadi pambukane warana kanggo ngawekani bab iki.

Lire mangkene. Tembung saklimah, tindak sapecak kudu tansah linambaran pikir kang wening, rasa kang sumeleh, sarta karep kang manteb -tan malang tumoleh. Muna-muni ora angger, nanging kudu linambaran menebing budi, dudu nepsu kang makantar-kantar.

Geneya mengkono? Ing bab tembung saklimah, aja dikira ora gedhe pangaribawane. Akeh dedongengan sarta crita Jawa kang ngandharake daya perbawane tembung saklimah sing bisa ndadekake getun keduwung tiba buri.

Merga kesurung saka rasa jengkele, jalaran Rara Jonggang nampik digarwa amarga reca sarta candhi sing kudune digawe sawengi ora ganep sewu, Bandung Bandawasa nganti kewetu ucape marang Rara Jonggrang. "Yen ngono, genepe kowe." Sakala, Rara Jonggrang ora bisa obab maneh jalaran dadi reca, nggenepi sing sangang atus sangang puluh sanga dadi sewu. Meh padha karo kuwi, ipat-ipate ibune Malin Kundang marga si anak ora gelem ngakoni simboke mula diipat-ipati dadi watu.

Nanging crita loro mau paha ending-e, rasa Cuma, getun, lan keduwung jalaran ketrucut unine.

Ketrucut omongan sing nyebabkan rasa gela sarta getun-keduwung uga dialami Arjuna nalika munggah kahyangan. Amarga dianggep gedhe lelabuhane dening dewa, panengahe Pandhawa iku entuk nugraha arupa panyuwun kang bakal dipinangkani dening jawata. Tenan, sing disuwun kamenangan sarta keslametane Pandhawa mengkone ing Baratayuda. Mung kuwi.

Semar sing dadi pamomonge, temene wis asung sasmita. Nanging Arjuna orang tanggap, nganti sawise "lawange kanugrahan" ditutup, Semar celuluk, "Kok Ndika boten nyuwunaken keslametanipun para putra, Den?"

Wangsulane Arjuna, "Yen ngono, apa putra-putra Pandhawa bakal nemahi pati ing Baratayuda."

Retoris pratelane Arjuna, nanging numusi, sing banjur ndadekake rasa getun-keduwunge. Nanging kepriye maneh jeneng wis kebacut.

Rasa getun keduwung sing ora kalah "nggegirisine" dialami dening Dewi Sukesi kalawan Begawan Wisrawa sing mesthine dadi maratuwane. Merga kalimput dening hardaning kanepson, ora mung wong loro iku sing nampa bebendu, nanging uga turune. Tujune, Wisrawa lan Sukesi ora mung kerem ing rasa getun keduwung, nanging nyoba ndandani urip sing luwih apik, satemah senajan kebacut nurunake mahaangkara Dasamuka, nanging uga kasil nglairake Kumbakarna lan Gunawan Wibisana.

Mula, amrih ora gela , getun-keduwung tiba buri, kejaba sing kenceng kendhite, prayoga nggatekake tetembungane para panatacara pawiwahan penganten nalika nyandra kirab: awya gumampang mundhak katunjang-tunjang, awya grusa-rusu mundhak kliru. Balike sing prasaja dimen mulya, sing ati-ati dimen ora anemu bilahi, sing awas dimen ora anemu tiwas. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan


Nalika Sang Nata Murud ing Kasidan Jati:

Raja, mesthi wae beda karo kawula. Apa-apane ora padha, pangrengkuhe wong-wong marang dheweke, uga cetha yen seje. Ora mung nalika isih meger-meger, ora mung nalika nandhang lara, nanging uga nalika nyawa wis pisah kalawan raga. Patine raja, kanthi dalan apa wae, mesthi dadi cathetan gedhe.

Sanajan mung cakraati petunga, cetha anggone mbedakake antarane kawula kalawan wong agung. Sapa maneh siang diarani wong agung yen dudu sang nata, embuh sing isih ngregem panguwasa, embuh sing katone wis lereh keprabobon nanging temene kuwasane isih ngungkul-ungkule, perbawane angel ditandhingi.

Cakrawati taun jimawal kang wiwitane meh mbarengi awal 2008 iki, upamane. Ngalamat saya wewah-wewah arjaning nagari, kathah tiyang agung sami suka-suka, nanging wekasanipun prihatos, kathah tiyang agung seda. Tiyang dagang layar tulus, tiyang tani sami kemedalan, wekasanipun mirah sandhang tedha, amargi tiyang nyambut damel sarwi gampil, ngono pratelane cakrawati, kayadene kang sineut ing penanggalan Panjebar Semangat.

Mungguh bener lan orane, titis lan orane pratelan mau, mesthi kabeh padha bisa nyumurupi dhewe apa kang kelakon ing awal taun iki.

Pancen, dikapak-kapaknya yen wis kadhung kocap minangka wong agung, bakal tetep agung apa-apane. Nalika isih urip entuk sebutan gung, kapara ketambahan binathara. Nalika wis ora ana, ora sethithik kang bajur padha ngoyak sawabe. Ana-ana pawadane. Ana sing mung dhapur ngurmati sing wis ora ana, ana sing jarene mung kepengin mikul dhuwur mendhem jero. Sing cetha, pralayane sang nata wis kuwawa ngluluhake ati kang atos, mbukak rasa sing sekawit tinutup dadi tinarbuka. Kaya-kaya pati dadi pambukane warana kanggo ngranggeh kawiryan liya ing donya.

Pancen, beda karo manungsa lumrah, raja, atu lan sentana dalem bakal entuk pangrengkuh mirunggan nalika murud ing kasidan jati. Nalika isih urip wae raja utawa putrane dianggep minangka reinkarnasi dewa sing patrone India banget: Airlangga lan Ken Arok diidentifikasi minangka Wisnu, Kertanegara minangka panjelmane Siwa lan Aksobya babar pisan, dene Kertarajasa minanka perwujudane Harihara. Pati dianggep minangka proses pemuliaaan utawa pendewaan. Mula, bareng nemoni pati, ratu-ratu mau kapara entuk papan kang murwat. Saya uncara, saya wibawa.


Paradoks;
Akeh sing ngira, yen wong sing paling kuwasa pralaya mesthi bakal ilang kuwasane. Nanging nyatane ora mesthi ngono. Kapara pecating nyawa dadi jalaran kanggo ngranggeh kekuwasaan liya. Sirnane nyawa dadi sarana kanggo mbabar manawa kuwasa iku isih ana, kapara terus thukul lan ngrembaka.

Luwih ska sewindu kang kepungkur, nalika ratu Ngayogyakarta sing pancen kondhang kanthi idiomnm takhta untuk rakyat kapundhut Sing Kuwasa, kabeh (kawula Ngayogyakarta) padha rumangsa kelangan. Kabeh padha ngatonake anggone tawang-tawang tangis. Sadalan-dalan, puluhan ewon, kapara bisa atusan ewon yen ora malah nganti yutan, padha nguntabake lumakone layon tumuju astana pasareyane.

Sakala, nalika semana, sing ana ing rasane wong-wong mung rasa pesimisme, apa ya ana kira-kira sing bakal kuwawa nggenteni sang nata. Apa ana kira-kira sing bakal saguh madhane kaluhurane sang nata.

Nanging sejarah uga banjur nyathet, sanajan porsi lan takerane genah beda, nanging ratu gang gumanti nata uga kasil ngrebut atine para kawula. Mula nalika nggelar pisowanan agung, kang isine mratelakake bakal lereh keprabon, kabeh padha nggondheli. Kabeh padha rumangsa ora lila.

Dadi yen ngono, temene ora kudu ngenteni mati luwih dhisik supaya disubya-subya dening para kawula. Senajan isih meger-meger, waton pancen anggone ngasta bang-bang aluming praja tansah nengenake marang kepentingane kawula, istingarah bakal tansah diagung-agungake.

Nalika Paku Buwana I murud ing kasidan jati (1719), salah sijine putrane, Mangkunegara nglungguhi dhampar keraton kanthi panyengkuyunge Kumpeni kang ws nduwe garnisu ing Kartasura. Dheweke jejuluk Amangkurat IV. Nanging sedulure loro, Pangeran Purbaya lan Pangeran Blitar, ngrekadaya ngrebut kawibawan.

Dheweke ngalih menyang Karta lan nguripake maneh keraton lawas, keraton kang wis suwe ditinggalake dening Sultan Agung. Sabanjure saya ruwet swasana negara sasedane sang Nata. Saya ora cetha.

Pancen, pancen, senajan mbesmi mayit ing patumangan wis ora ana, apa iya necropolis (makam) utawa Gunung Agung yasane Sultan Agung ing Imagiri (sakidule kutha Ngayogyakarta sing saiki) nduwe fungsi minangka kadidene candhi-gunung kolektif, papane arwah para raja lan sentanane tetep diurmati?


Sabar;
SABAR iku bebuden utawa sifat ora gampang nesu. Wong sing sabar iku ora cepet aweh tanggapan utawa reaksi marang kahanan utawa tembung-tembung kang kurang ngepenakake. Sadurunge aweh tanggapan, kabeh mau dipikir utawa dilimbang-limbang dhisik kanthi premati. Wong sing sabar tansah mbudidaya supaya kahanan utawa suasana ora tambah bubrah, amarga kanepson sing ditanggapi kanthi kanepson.

Wong sing sabar iku sareh, ora grusah-grusuh, lan kebak ing pangati-ati. Ana rembug dirembug, ana prekara disurasa. Sing ditengenake pikiran kang wening, dudu ubaling kanepson. Ing pewayangan sifat ora sabaran, gampang muntab, gampang ngamuk iku dumunung dhiri pribadine Raden Kakrasana utawa Prabu Baladewa.Yen ora ngati-ati bisa ditamani senjata Nenggala. Kosokbaline, sifat sabar, ngati-ati, lan wicaksana dumunung ing pribadine Raden Narayana utawa Prabu Kresna. Senajan kakang-adhi, satriya loro kuwi sifate beda banget. Lha sing luwih sbar maneh yaiku pambarepe Pandhawa, Prabu Puntadewa. Ratu sing miturut critane dhalang getihe putih iku, ora bisa ngendika "ora", utawa tidak dapat berkata "tidak" marang sapa bae.

Sabar iku klebu ewone bebuden kang becik. Ing basa Indonesia ana tetembungan "orang sabar kasihan Allah", wong sabar iku kinasihan ing Gusti Allah. Sabar iku ora "konfrontatif", saengga bisa disingkiri arane dredah. Lha sifat sabar sing ala yaiku "sabar menawa ditagih utang", amarga tegese ndableg.

Tembung sabar iku sering dijamborake karo tembung narima, dadi sabar narima. Wong sing sabar iku tansah narima ing peparinge Gusti. Wong sabar iku tansah nggedhekake atur panuwune marang Gusti, mula ya banjur adoh saka rasa tansah kekurangan, rasa ora narimakake kahananing uripe.

Sabar iku bisa nyandhet lan ngendhaleni atine supaya ora enggal-enggal nesu, ora enggal-enggal nandukake piwales kang durung mesthi benere. Sabar iku ora brangasan, ora kesusu utawa grusah-grusuh. Kanthi nyandhet kanepson, ana kalodhangan kanggo nglimbang-nglimbang, kanggo ngudhari prakara kanthi ora seling surup utawa salah tampa.

Sabar iku ora mung bisa ngendhaleni kanepson, nanging uga rasa gela, susah, lan kaget. Kanthi anane kendhali mau, bab-bab mau ora nuwuhake reaksi sing kebablasen, sakabehing prakara lan kahanan bisa diwawas kanthi saukur (proporsional), saengga tanggapan utawa reaksi sing ditandukake uga proporsional.

Miturut tembang Asmaradana Semarangan, wong sing sabar narima lan betah melek iku bakal antuk ganjaran. Tembang mau sawutuhe kaya ing ngisor iki.

Aja turu sore kaki,
ana dewa nganglang jagad,
nyangking bokor kencanane,
isine donga tetulak,
sandhang kalawan pangan,
lha iku bageyanipun,
wong melek sabar narima.


Laku;
SAKABEHING panyuwun iku murih bisane kasembadan perlu dikantheni
laku. Laku iku mujudake pangurbanan kanggo nggayuh apa kang sinedya. Laku
utawa pangurbanan iku awujud tapa brata, meper hawa nepsu, cegah dhahar
lawan guling. Tumrap jaman saiki diwujudi kanthi sinau sing mempeng, kerja
keras, meleng cipta (konsentrasi), disiplin, ora buwang-buwang tenaga lan
wektu kanggo sing ora perlu.
Kabeh panyuwun utawa cita-cita iku, pancen ora bakal bisa kaleksanan
tanpa pangurbanan. Jer basuki mawa bea. Tarkadhang malah wis akeh pangurbanane,
nanging sing dijangka durung kaleksanan. Kamangka sing diarani laku iku
ora gampang olehe nindakake. Durung tutug olehe nglakoni ana sing wis medhot
ana dalan, amarga ora kuwat.

Para mudha iku isih adoh jangkahe. Mula Kanjeng Susuhunan Pakubuwana
IV paring dhawuh mangkene:
Dadiya laku nireki
cegah dhahar lawan guling
lan aja kasukan-sukan
anganggoa sawatawis
ala wateke wong suka
nyuda prayitnaning batin.

Para mudha kang isih akeh cita-cita lan panyuwune sabisa-bisa nindakna
laku prihatin supaya bisa kasembadan sing dadi gegayuhane. Aja mung ngumbar
kasenengan sing bisa nuntun marang kanisthan.

Laku iku uga kudu katindakake dening sak sapaa sing nggilut ngelmu.
Ana Serat Wedhatama disebutake menawa "ngelmu iku kalakoni
kanthi laku". Lire, supaya bisa necep ngelmu mau perlu nindakake laku.
Ngelmu mau kudu dicakake, dadi pandoming tumindak. Ngelmu iku ora mung
dimangerteni, nanging uga kudu dilakoni. Yen mung lagi ana omongan, yen
ora dilakoni utawa ditindakake, kuwi durung jeneng nduweni ngelmu, amarga
ngelmu iku kalakone kanthi laku.

Apa sakabehing panyuwun utawa gegayuhan iku kudu dikantheni laku? Laku
iku saora-orane nuduhake bangeting panyuwun, nuduhake gedhening tekad supaya
kaleksanan kang sinedya, kayadene tekade Bratasena nalika golek tirta prawita
sari. Ya mung kanthi gelenging tekad sarta gedhening pangurbanan gegayuhan
iku bisa kasembadan.

Urip iku ora gampang. Apa sing gumelar iki bisa nuwuhake pepenginan
lan gegayuhan werna-werna. Manungsa kudu bisa milih gegayuhan kang utama
lan nyingkiri pepenginan kang ora perlu. Ya gegayuhan kang utama iku kang
perlu diudi kanthi kebak pangurbanan. Gegayuhan utama iku ora mung murakabi
kanggo awake dhewe, nanging uga kanggo kemakmuraning masyarakat lan kamulyaning
bangsa.

KGPAA Mangkunagara IV ing Serat Wedhatama paring dhawuh supaya
nuladha laku utamane Panembahan Senapati ing Mataram.
Nuladha laku utama
tumrape wong Tanah Jawi
wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amemangun karyenak tyasing sasama
Laku utamane Panembahan Senapati yaiku tansah marsudi sudaning hawa
nepsu kanthi tapa brata ing wayah awan lan bengi. Tujuwane ora liya ya
mung tansah mbangun kahanan supaya dadi luwih becik sarta gawe kepenake
atine sapadha-padha.

Laku utama sing sifate memayuhayuning bawana, sing bisa ngunggahake
harkat uripe manungsa, ing wektu iki dibutuhake banget kanggo ngentasake
bangsa Indonesia saka kemelaratan lan "keterpurukan". Saiki akeh
narapraja, pemimpin sing adoh saka tindak utama, sing mung gawe enake diri
pribadi utawa golongane kanthi ancik-ancik kasangsaraning rakyat, ora gawe
enak tyasing sasama.


Ajining Dhiri;
TEMBUNG ajining dhiri iku meh padha tegese karo harga diri ing basa Indonesia. Saben uwong iku duwe rasa-pangrasa utawa kesadaran ngenani harga diri-ne. Ajining dhiri manut rasa-pangrasane dhewe iku sifate subjektif. Nanging ajining dhiri sadhengah uwong miturut pamawase masyarakat iku ya ora mesthi objektif. Bab ajining dhiri iki miturut pambijine dhewe karo pambijine wong liya asring ora padha. Miturut pambijine dhewe harga dirine iku dhuwur lan sarwa becik. Wong sok rumangsa becik, rumangsa pinter, rumangsa sugih, nanging ora adhedhasar kanyatan, mung manut rasa-rumangsa lan pepenginane dhewe. Ya sifat kaya mangkono iku sing diarani gumedhe, sombong utawa kumlungkung.

Ananging uga ana wong kang tansah rumangsa luwih asor, luwih bodho, luwih mlarat katimbang wong liya. Rehne kalungguhane miturut pangrasane luwih endhek, mula banjur ora pati wani srawung. Wong mau satemene kadunungan penyakit rendah diri. Sing disumurupi masyarakat ngenani sawijining warga masyarakat iku adate ora ganep utawa mung sabageyan bae. Pamawase masyarakat iku sing akeh-akeh ya mung saka njabane, dene isi jerohane ya ora ngerti.

Sing genah saben wong iku mesthi duwe gambaran ngenani ajining dhirine. Amarga anane kesadaran harga diri mau saben uwong ora gelem disepelekake utawa diremehake. Ing masyarakat feodal kesadaran harga dri golongan priyayi utawa golongan elit iku gedhe. Golongan iku ora mung njaluk diurmati, nanging uga njaluk "perlakuan istimewa". Korupsi iku uga ana gandheng-cenenge karo sifat masyarakat sing ngantine saiki isih nduweni sifat feodal mau.

Ana unen-unen sing nyebutake manawa "ajining dhiri iku saka lathi". Pancen apa sing diomongake nganggo lathi utawa cangkem iku bisa nggambarake kahanane sing ngucapake. Amarga ya mung srana basa kang diucapake kahanan lan pribadine wong mau bisa disumurupi. Alelantaran apa bae sing dikandhakake, ajining dhiri sadhengah uwong bisa kasumurupan. Mula aji lan ora ajining dhiri iku tinemtokake utawa gumantung marang sing diucapake lathine.

Ing Serat Wedhatama ajining dhiri iku dumunung ana telung prakara kang dadi paugeraning urip. Telung prakara mau yaiku wirya, tegese isih sentananing ratu; arta, yaiku dhuwit utawa bandha; winasis yaiku nduweni kapinteran. Lha uwong sing ora nduweni salah siji ing antaraning telung prekara mau, bebasan kalah ajine karo godhong jati garing. Tembang Sinom kaya ing ngisor iki:

Bonggan kang tan merlokena,
mungguh ugering ngaurip,
uripe lan tri pakara,
wirya arta tri winasis,
kalamun kongsi sepi,
saka wilangan tetelu,
telas tilasing janma
aji godhong jati aking
temah papa papariman ngulandara.
... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan


Kalah karo Wong Begja:

WONG pinter iku isih kalah karo wong beja. Sampeyan kena wae pinter sundhul langit, nanging yen ora beja, ora bakal kumanan apa-apa. Semono pentinge unsur beja utawa begja, nganti-nganti kepinteran wae bisa dikalahake? Apa ya merga kuwi utawa gegandhengan karo kuwi, wejangan-wejangane Ki Ageng Soerjamentaram banjur disebut kawruh begja? Uga jalaran kuwi, nalika medhar ngenani jaman edan, Ranggawarsita uga ngelingake ngenani wong sing paling begja?

Yen ana bocah nganggo jeneng Beja (biasane ditulis: Bejo), bokmenawa ana sambung rapete karo pengarep-arepe wong tuwane supaya ing tembe buri anake tansah entuk kabejan. Bisa wae malah laire jabang bayi kuwi mujudake kabejan gedhe tumrap keluwarga kasebut. Utawa maneh, beja dene nduwe anak kanthi slamet, yen ora malah beja merga entuk anak lanang.

Apa tenane beja kuwi? Beja karo begja, dakkira, ora ana bedane. Teges sing dikandhut kurang luwih untung, mujur, utawa entuk anugrah sing gawe senenge ati. Mula ora aneh yen tembung beja banjur nduwe sambung rapet karo bagya. Indonesiane bahagia. Sebab, soksapa sing entuk kabejan tegese uga entuk kabagyan.

Senajan mangkono, kabagyan ora banjur dadi jaminan urip sing becik lan ganep. Sebab, isine urip iku ora mung kabagyan. Beja-cilaka iku sandhangane manungsa. Mula ora jeneng ngayawara yen George Loewenstein kandha, "Saperangan tegese urip iku kanggo ngalami seneng lan susah. Urip kang tanpa kendhat saka kabagyan, temene dudu urip sing apik."

Kayadene "falsafah" jroning kawruh jiwa yaiku "langgeng bungah susah", anane rasa seneng lan susah sing gilir gumanti.

Senang kuwi apa? Susah iku ya apa? Rasa senang kerep dipadhakake karo rasa bagya, dene rasa susah kerep dipadhakake karo rasa cilaka. Kena-kena wae, nanging yen ditlesih maneh, mesthi ana bedane antarane seneng lan bahagia, antarane susah lan cilaka.

Rasa seneng thukul yen karep keturutan, lan rasa susah thukul yen karep ora keturutan. Dadi, seneng lan susah iku gumantung saka karep, dudu gumantung marang kahanan sing dumadi. Kaanan iku netral, nanging sikap marang kaanan mau sing ora netral. Sikap marang keadaan iku gumentung marang karep.

Mula, aja seneng yen lagi nampa kabegjan. Aja susah yen lagi nandhang kasangsaran utawa kacilakan. Upama seneng ya senenga sacukupe, upama susah ya susaha "sacukupe".

Gendheng ceneng karo iku, mesthi wae bisa digeret Kawruh Jiwa Nem-Sa Soerjomentaraman: sabutuhe, saperlune, sacukupe, sakpenake, samesthine, lan sabenere.

Isih sambung rapet karo beja, Ki Ageng Soerjomentaraman mapanake kawruh beja sawetah minangka kawruh sepisanan sing kudu disinaoni sadurunge ngancik kawruh bab kawruh, kawruh bab ungkul, kawruh laki-rabi, kawruh pangupajiwa, lan kawruh pamomong.

Ana pasinaon kawruh jiwa mau urut-urutan, jalaran sawise krasa beja sawetah, wong mesthi krasa ribed ana nggon bab kawruh. Mula wong banjur butuh sinau kawruh bab kawruh. Sawise udhar reribed ing bab kawruh, wong banjur krasa ribed ing sesrawungan. Sarehne masyarakat kita ing donya iku dhasare sesrawungan ungkul-ungkulan, mula wong perlu ngerti marang rasa ungkul sing ana ing awake dhewe. Mangkono sapiturute.


Ngawula Beja;
Bali marang perkara beja, mental relativitas khas Jawa tansah nyusupake "beja" jroning kahanan kaya ngapa wae, kalebu nalika ana kacilakan utawa kasangsaran. Arepa lagi nandhang kacilakan, upamane tetep isih ana sing muni, "Isih beja sing tugel mung sikile."

Yen mangkono, paham sing menehi unsur beja kanthi khusus iki paham sing kepriye? Pratelan beja temene nuduhake manawa sadhuwure manungsa iki isih ana sing luwih kuwasa. Iki laras karo unen-unen manca: man proposes but God disposes, manungsa kang ngrekadasaya nanging Gusti kang nemtokake.

Kanthi ananane unsur begja, temene wong diprentah supaya ora kumalungkung. Dumeh pinter banjur rumangsa kanthi kepinterane mesthi kabeh bisa diatasi. Dumeh prigel, banjur rumangsa yen kanthi keprigelane mau ora bakal ana siji-sijia sing bakal cicir utawa cewet.

Nanging beja uga ngemu pangarep-arep. ìEh sapa ngerti bejane wongÖî mujudake pratelen sing nuduhake pangarep-arep iku, sanajan ing kono uga dumunung unsur putus asane.

Yen mangkono, apa kudu "ngawula beja"? Iki unen-unen maneh sing dakkira khas Jawa. Iku uga sambung karo pratelan ing ndhuwur. Katone "ngawula beja" iku mung nuduhake patrap pasrah sumarah, nanging temene uga nuduhake manawa manungsa kudu gelem ngumawula.

Nanging ngenut prinsip "beja" uga bisa dadi pawadan kanggo mlayu saka saka kanyatan riil. Amarga saka etungan lan nalar ora ketemu, ora bakal bias keranggeh, mula banjur ngarep-arep kanthi beja.

Pancen cathetan empirik nuduhake manawa ana-ana wae wong sing katone manut petungan ora mungkin entuk anugrah, nanging jebule nampa bola-boli. "Ndilalahe yen wong beja", ngono sing bisa diomongake .

Nanging beja uga ora titik ngono wae. Isih ana bacutane. Beja uga nuntut syarat utawa "rasionalisasi". Upamane pratelan "beja dene akeh bala, dadi ana ngendi-ngendi ora nganti kapiran."

Yen kaya mangkono, saka ngendi tumurune beja? Apa bisa beja iku tumurun mengkono wae. Apa bisa ana beja yen tanpa pangudi, embuh tata lair, embuh tata batin. Dadi, sepisan maneh, nduwe kayadene "rasionalisasi". Nanging tumrap begja sing gedhe lan dhuwur ajine tur ora kinaya ngapa sadurunge, banjur diarani begja kemayangan.

Banjur, beja sing hakiki kuwi kepriye? Sing tekane ora kinaya ngapa, apa malah sing tekane wis bisa dipretung lan diramalake? Sing adhedhasar pangudi apa sing "thenguk-thenguk nemu kethuk"?

Sing genah RNg Ranggawarsita wis ngrespons bab beja iki kanthi pratelan kang cetha nalika ngadhepi jalan edan (kalatidha): sabegja-begjane kang lali/ isih begja kang eling lan waspada. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan

Sadrema Nglakoni: Lan Sawang-sinawang:

Sadrema Nglakoni:
MANUNGSA iku mung sadrema nglakoni. Lire, rehning wis pinaringan urip, ya urip mau kudu dilakoni. Manungsa ngerti-ngerti wis dadi bocah utawa manungsa cilik, marga nalika isih bayi durung ngerti apa-apa. Manungsa ora bisa milih dilahirake sapa lan ana ngendi. Apa sebabe kok ora dadi anak ratu utawa anak presiden, kok dadi anak petani. Manungsa ora bakal lan bisa protes. Apa sebabe kok mung dadi anak petani mlarat, anak buruh kasar, utawa anak nelayan, kok ora dadi anake wong sugih, anak konglomerat? Dilairake dadi anake sapa bae ya ora ana sing protes, pokoke urip dilakoni.

Kepenak lan ora kepenak, manungsa iku nampa bageyane dhewe-dhewe. Manungsa iku kadidene wayang, sing nasibe ana tangane Ki Dhalang. Kaya paraga fiktif ing film utawa sinetron, nasibe wis tinulis ing skenario.

Banjur apa manungsa ora diwenangake ikhtiar? Apa manungsa mung sadrema nglakoni apa sing digarisake ana skenario? Apa uripe manungsa iku mung manut ilining takdir?

Bab-bab kang magepokan karo lahir, jodho, lan pati kaya-kaya wis ginaris. Dene bab-bab liyane gumantung marang usahane wong siji lan sijine. Dadi ana prekara sing bisa diikhtiari, nanging ya ana bab-bab sing gelem ora gelem kudu dilakoni.

Sing diajab lan sing disesuwun marang Gusti iku mesthine ya sing apik-apik. Kulawarga sing nandhang lara ya disuwun supaya diparingi waras. Yen ana bencana alam ya disuwun tetep slamet. Manungsa wenang nyenyuwun, naing ora wenang nemtokake. Bisa bae sing lara ora waras, sing kena bencana alam ora slamet. Banjur pepuntone: manungsa mung sadrema nglakoni, kabeh mau ana ing astane Sing Gawe Urip.

Tetembungan iku mengku teges menawa uripe manungsa iku ora uwal saka pepesthen. Sabanjure, kanthi nyadhari anane pepesthen mau sesanggane manungsa dadi luwih entheng. Manungsa mung sadrema, kayadene wayang sing nasibe wis katemtokake ing pakem pedhalangan. Gatotkaca wis ginaris nemoni tiwas ing prang Bratayuda, mangkono uga Abimanyu utawa Angkawijaya.

Manungsa kudu tawakal nampa pacoban saka Sing Gawe Urip. Manungsa iku ora uwal saka papesthen, mula ya ora ana cara liya kajaba kanthi ikhlas nampa papesthen mau.

Ana lara ana usada, nanging ora ateges saben lara bisa diusadani. Yen panyuwune ya bisaa bali waras maneh, nanging kabeh mau wis ginaris ing papesthen. Sing lara ora bali waras malah bali ing alam kalanggengan. Manungsa pancen mung sadrema nglakoni. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan




Sawang-sinawang:
TEMBUNG "sawang-sinawang" utawa "wang-sinawang" iku tegese "sawang-sawangan" sing siji nyawang sijine, sijine nyawang sing siji, si A nyawang si B, si B nyawang si A. Tembung iku mratelakake menawa ing urip padinan wong liya iku kahanane kaya luwih becik lan luwih kepenak katimbang dheweke, mangkono uga suwalike. Menawa ana wong sing alok utawa ngresula wong kae kok luwih beja, luwih kepenak, luwih seneng katimbang awake dhewe, padatan ditanggapi menawa wong iku rak mung sawang-sinawang. Wong liya iku katone luwih beja, luwih kepenak, nanging wong liya mau ya duwe pamawas mangkono menawa nyawang awake dhewe. Ana tetembungan sing nyebutake menawa "rumput di halaman tetangga lebih indah daripada rumput di halaman kita sendiri". Barang darbeke wong liya katon luwih becik lan luwih pengaji katimbang barang darbeke dhewe. Panguripane wong liya kaya-kaya luwih becik katimbang panguripane dhewe. Rasa-rumangsa kaya mangkono iku bisa nuwuhake panalangsa, ora duwe pemarem lan panarima.

Panyawang kang luwih akeh tumuju marang tata lahir iku durung mesthi benere. Lan maneh, wong siji lan sijine iku ora padha, dadi ora ana piranti sing bisa kanggo ngukur kaluwihan utawa kesuksesane. Ana sing sugih bandha nanging rumangsa ora beja marga ora duwe anak. Ana sing sugih, pangkate dhuwur, nanging ora marem marga anake nakal-nakal lan ora ana sing rampung sekolahe.

Ing kalanganing masyarakat Jawa ana wewarah menawa wong iku aja ndhangak terus, kadhang-kadhang ya perlu ndhingkluk. Lire, aja mung nyawang wong-wong sing tataran panguripane sandhuwurmu, nanging uga nyawanga wong-wong sing tataran panguripane sangisormu. Yen mung nyawang marang wong-wong sing sugih awake dhewe krasa mlarat; yen nyawang wong-wong sing luwih mlarat isih rumangsa luwih beja. Iki ora ateges kok awake dhewe banjur rumangsa beja amarga akeh wong sing luwih mlarat, nanging kanthi nyumurupi kanyatan mau kita banjur duwe panarima, ora mung nelangsa terus.

Sing kurang becik yaiku menawa banjur jor-joran utawa kompetisi kanthi sesidheman. Satemene kompetisi iku becik menawa kanthi mangkono wong banjur cepet maju. Nanging kompetisi utawa perlombaan iku beda karo jor-joran. Jor-joran iku kompetisi sing ora resmi lan ora ana yurine. Jor-joran iku sok gawe ora kepenaking ati, amarga atine tansah goreh mikir kepriye carane supaya ora kalah karo tangga-tanggane. Yen ana wong liya luwih sukses lan luwih maju, atine banjur kebrongot lan ngupadaya aja nganti kalah karo wong liya. Kebrongoting ati iku sing marakake ora tentrem. Tarkadhang amarga kepengin dadi wong sing paling sukses, paling terhormat lan liya-liyane banjur golek dalan trabasan sing nerak angger-anggering negara. Mula ana bae wong sing duwe omah kaya istana, nanging sing duwe malah mung manggon ana lembaga pemasyarakatan.

Wong iku perlu nyawang wong liya, nanging ya aja gampang keblerengen nyawang sing sarwa gumebyar. Sing katone gumebyar iku durung mesthi yen gumebyar temenan lan bisa gawe tentrem lan nuwuhake rasa panarima. Manungsa iku perlu ngudi murih panguripane luwih becik, nanging uga kudu bisa ngukur kekuwatane dhewe. Wong iku kahanan lan kekuwatane beda-beda, kanthi mangkono apa kang bisa kagayuh uga beda-beda. Manungsa iku kudu duwe panarima utawa ngaturake suka sokur marang Pangeran. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan

Tansah Ajur-Ajer Ngadhepi Panandhang:

PANCEN ana dina ana upa. Nanging yen ora gelem obah, apa ya tetep bisa mamah? Apamaneh kahanan iku ora langgeng. Donya iku onya. Mula, anggone ngadhepi lan nanggapi uga kudu tansah nut ing jaman lan papan kelakone. Butuh kreativitas lan maneka warna alternatif.

Ing suwalike unen-unen ana dina ana upa, pancen dikandhut rasa optimistis. Nanging optimistis wae ora cukup, yen ora dibarengi tumindak nyata. Kudu gelem makarti lan makarya.

Anane bisa makarti lan makarya kanthi trep lan patitis, ora ana liya kejaba kudu wani ngulir budi. Ngulir budi iku temene ngempakake dayane urip sing kaajab tansah bisa ngurip-uripi. Ngurip-uripi laire, ya luwih-luwih maneh batine.

Jroning ngulir budi, manungsa kudu lantip ing panggraita. Meh padha karo tanggap ing kahanan. Ora mung kahanan kang agal utawa kasat ing mripat, nanging uga kahanan kang alus sing ora bisa dinulu. Lire, bisa maca kanthi patitis marang semu, semon, sasmita, lan sakehing tandha-tandhaning dumadi.

Dene lantip ing panggraita iku karanggeh utawa kapara bisa nyarira tunggal manawa kulina lan tansah ngudi. Pangudine, kanthi tliti lan tanpa kemba anggone maca. Sanajan tradisi literer saya maju, maca iku ora kandheg marang kang gumulung (buku, majalah, koran, lan sapanunggalane), nanging sing ora kalah wigatine maca jagad gumelar. Pituduh sepisanan kang kaemot ing kitab suci uga arupa prentah: maca, iqra!

Maca pancen bisa ngundhakake kawruh. Nanging ora mung daya kognisine sing tambah. Maca uga bisa ngundhakake daya afeksi lan psikomotorik, sikap lan keprigelan. Ing kono iku temene panggraita saya kaungkal satemah saya lantip.

Ewasemono, tetep kudu linambaran rasa pasrah sumarah marang purbaning Kang Mahakuwasa. Sabar lan narima, iku ing antarane representasine. Nanging pasrah, sabar, lan narima iku ora ateges pasif. Ora. Iku mung dadi piranti kontrol supaya ora kemrungsung, apamaneh kumalungkung utawa overconfidence.

Kanthi makarti lan makarya, manungsa ora bakal ngarep-arep tibane rembulan. Ora ana dalile thenguk-thenguk nemu kethuk. Jalarane, kabeh bisa karanggeh karana pabudidaya.

Kanthi prasyarat mau, ora mokal bisa dadi jalma limpad seprapat tamat. Tegese manungsa kang bisa nindakake pakaryan utawa sesanggane kanthi efisien lan efektif.

Kanthi sangu kabeh mau, ora mokal uga manawa banjur bisa ajur-ajer, bisa njumbuhake kahanan. Bisa ngeli, nanging ora nganti keli. Klebu lan luwih-luwih nalika ngadhepi panandhang.

Kanthi lantiping panggraita, manungsa bakale ora kurang ing karti sampeka, ora tuna ing weweka. Ora gumunan, ora kagetan. Uga ora mopo manawa lagi entuk pepalang utawa pacoban. Ora gampang mupus kanthi cepet-cepet nganggep iku wis dadi garising pepesthen, utawa kanthi tembung pasrah tanpa luwih dhisik ikhtiyar kanthi temen.

Saka Wayang;
Ewasemono, wong pancen bisa ngukur marang kekuwatane dhewe. Wani ngilo githoke dhewe. Kudu gelem tepa slira, ora nandhing-nandhing sarira. Ing kene iki, tetembungan bapang den simpangi, ana catur mungkur entuk kontekstualitase.

Yen samengko bangsa iki lagi ngadhepi pacoban, yen titi mangsa iki lagi padha entuk sanggan, kapara kaya-kaya wis kepentok ing dalan, ana apike nyoba mbukak maneh crita wayang minangka kaca benggala. Kaca benggala kang bisa nuduhake kepriye carane golek dalan alternatif nalikane cara sing lumrah dianggep mainstream ora bisa njanjekake marang tujuan.

Ditampik dening Pandhita Drona nalika nglamar dadi putra siswa, ora njalari Bambang Ekalaya nglokro. Dheweke ditampik amarga dudu turune Barata, ora kepetung trahing kusuma rembesing madu. Nanging pepenginane bisa meguru manah marang mahagurune Pandhawa lan Kurawa iku malah saya makantar-kantar.

Ekalaya ora kurang akal. Dheweke tetep meguru Drona nganggo dalan liya. Dheweke sengkud olehe gladhen ngempakake jemparing. Ing papane gladhen iku dheweke gawe patunge Pandhita Drona. Kanthi patung iku, Ekalaya tansah ditunggoni lan diawasi sang guru.

Asile pranyata ora nguciwani. Ekalaya ora mung bisa madhani kepinteran lan keprigelane muride Drona sing paling hebat anggone manah: Arjuna. Ekalaya kapara luwih titis anggone menthang langkat tinimbang satriya panengahe Pandhawa iku.

Dalan alternatif dituduhake dening Ramawijaya nalika arep ngrebut Sinta saka tangane Rahwana. Merga nglurug menyan Alengka kudu nyabrang segara luwih dhisik, mula Rama banjur ada-ada nggawe dalan dhewe. Segara ditambak, kaya kang dicritakake ing lakon Rama Tambak. Kanthi ngetabake bala wanara kang dipimpin Kapi Anila, akhire Rama kelakon lan wadyabalane kelakon ndharat ing tanah sabrang.

Nanging dalan liya lan alternatif iku, kawawas sacara normatif, mesthi wae dudu kaya sing ditindakake dening Aswatama ing lakon Aswatama Nglandhak. Amarga rumangsa gela lan ora keconggah yen kudu adu arep, Aswatama milih dalan buri. Dheweke nindakake aksi teror ing papan dununge kulawarga Pandhawa. Wong-wong wadon dipateni, bocah cilik dicilakani. Nanging akhire dheweke tiwas mung amarga jabang bayi Parikesit mancal senjata Pasopati, satemah ngenani gulune Aswatama.

Mesthi wae bab karti sampeka, Prabu Kresna jagone. Ngadhepi kekuwatane Kurawa sing tikel-tikel tinimbang Pandhawa sing dibotohi, ratu Dwarawati iku tansah ora kurang akal.

Pancan, anggere isih gelem bisa ngulir budi, gelem ngempakake dayane urip, temene masih banyak jalan ke roma.

Kanthi mangkono, ora kena sijine bisa liyane. Ora ana sega, tela ya ora apa-apa. Ora ana tela lan sega, sega aking uga ora dadi baya pangapa. Mengkono sapiturute. Mangkono ing antarane ajur-ajer lan njumbuhake marang kahanan iku. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan